TVRI YOGYAKARTA NEWS – JATMIKO HADI
Manekawerni cara katindaken kangge njagi lestantun menapadenei ndamel kalokaning jamu tradisional, ingkang dipun tetepaklen dening uinesco minagka warisan budaya tak benda saking indonesia.salah setunggalipun lumantar pasanggiri gambar ingkang ngusung iorah-irahan jamu untuk anak.
kados mekaten menika swasana pasanggiri gtambar ingkang ngusung irah irahan jamu ingkang dipun adani deniong gabungan pengusaha jamu DIY, mapan ing taman jamu naturindo, Kalurahan Sendangsari, Kapanewon Pengasih, Kabupaten Kulonprogo. Sinartan atusan lare saking sawtawis tataran pasinaon, pasanggiri gambar menika dipun adani kangge ngregengaken pengetan dinten jamu nasional ingkang dhumawah saben tanggal pitulikur mei. Mboten namung menika krida ingkang dipun adani menika ugi kangge nepangaken jamu iung kalanganing wiranem, langkung langkung jampi maekaten mujudaken sampun dados peranganig budaya asli nuswantara, lan dipun akeni unescio minagkja warisan budaya tak benda saking indonesia ing tahun 2023 kapemngkler. Liumantar krida ingkang akdos mekaten menika kaajab para wiranem ing indonesia mangertosi lan tresna dhumateng jampi tradisional, saengga mboten ical kagherus jamen.
Ngrebataken manekawerni tropi, gelkar krida menika ugi kangeg nggladi imajinasi lan kreatitfitasipun lare, sarta ngharaahaken lare ngisi wekdal lodhangipun ingkang sae.