TVRI YOGYAKARTA NEWS – SETYA BUDI
Saperangan kadang tani ing Kalurahan Girikarto, Panggang, Gunungkidul, gadah pakulintenan ngingah rajakayanipun ing tegalan. Cara ngingah raja kaya kados mekaten menika kaangge langkung irit lan murakabi.
Ing laladan pesisir wohkudu kalurahan girikarto menika gampil dipun pangihaken kandang ternak ing tengah tegalan. Kandang menika kangge ngingah raja kaya arupi menda lan lembu. Saweneh kadang tani ngandaraklen bilih lumantar cara menika ing saklebeting nyukani pakan langkung gampil, jalaran pakanipun ugi sampun caket kaliyan kandang, kadang tani mboten kedah ngusung pakan ing griyanipun. Menda jinis manding jawa gadhahanipun kadang tani menika saged gesang kanthi sae jalaran pakanipun jangkep lan tansah sumadiya. Pakan kadosdene suket kalanjana, ramban sarta asiling panen polowijo saged kangge nyekapi kabetahan pakan ing padintenanipun. Lumantar cara menika tuwuhing menda langkung cepet lan pedamelan ing kadang tani langkiung entheng. Ngingah raja kaya ing tegalan menika ugi mbiyantu sanget nalika badhe nggarap lahan. Bucalan raja kaya saged langsung dipun bucal ing lahan kangge ngrabuk taneman. Kajawi kandang, kadang tani padatanipun ugi ndamel bak penampungan toya jawah kangge ngombort rajakanyanipun. Kanthi ajeg kadang tani ronda kangge njagi keamananipun. Raja kaya ingkang dipun ingah menika padatanipun jangka panjang lan badhe kasade menawi regi sae kadosta nyelaki dinten riyaya kurban.