TVRI YOGYAKARTA – NEWS – ADI – WENDY
Wohipun ingkang abrit nengsemaken sarta bentuk ronipun ingkang ugi endah, ndamel ceri vietnam utawi siansi menika kathah dipun padosi tiyang kangge bahan bonsai. Dereng katha ingkang mangertosi, woh ceri menika ugi gadah mupangat ing donyaning kesarasan.
Naminipun ceri vietnam. Wionten ugi ingkang nyebat barbados. Kepara para sutresna bonsai kathah ingkang nyebat taneman tahunan menika kanti sebatan siansi. Miturut gugon tuhon, taneman menika asalipun ugi saking barbados, mila dipun sukani nami barbados. Sinten kemawon ingkang ningali woh ceri vietnam mneika temtu ugi badhe kapilt manahipun jalaran wohipun pancen endah sanget. Agengipun ugi sami kaliyan ceri ingkang limrah dipun dadosaken rerengan roti balck forest, bedhanipun, ceri vietnam raos manisipun naung sekdhik lan raos kecut segeripun langkung kathah. Tanemna ingakng mlebet jinis tahunan menika pas sanget menawi dados punjering kawigatosan ing plaratan menadene pekawis griya. Ceri menawi sampun mawoh, prasasat ugi mboten nate seren. Wohipun kathah sanget. Kanti werni abrit nyether ingka temtu kemaown taneman menika gampikl sanget ndudut kawigatosan sinten kemawon ingkang ningali. Cara ngrimat ceri vietnam ugi mboten jlimet. Sepajang mboten kesupen nyirami sarta sregep anggenipun ngrabuk, ceri menika bade mawoh sepoanjang tahun. Dereng kathah ingkang mangertosi bilih kanyata woh ceri ingkang kecut menika kanyata ugi saged sipun dadosokaen pangusadan herbal. Ing negari asalipun, woh ceri meniak sasampuniun dipun girah resik lajeng diun bucal wijinipun. Saklajengipun dipun jus lan dipun unjuk. Kandetan anti oksidan ingkang ingil sarta vitamin c dipun pitados saged ngusadani manawerni sesakit kadosta asam lambung, kolestrol, hipertensi lan sanesipun. Mengahing sutresna bonsai, ceri vietnam mujudaken bahan bonsai ingkang dipun remeni sanget jalaran kejawi wonten wohipun, perangan pang ceri menika ugi gampil dipun bentuk.