Asil Budidaya Jangan Murakabi

Asil Budidaya Jangan Murakabi

TVRI YOGYAKARTA NEWS – ADI NUGROHO – WENDY

Komoditas janganan mankawenri menawi dipun kemonah kanti leres kanyata ugi ngasilaken sanget mboten kawon kaliyan komoditas palawihja sanesipn, saya malih menawi sampun dipun budidaya kanti cara organik, reginipun ugi tansaya tikel.

Janganan prasasat sampun dados kabetahan pokok saben dinten ipun para warga. Mboten namung ing peken tradisional nanging ugi ing peken modern, janganan mboten nate katilar dipun tawisaken. Nanging emanipun uigi mboten sedaya kadang tani meniak remen mbudidaya janganan kanti manakwerni pawadan.  Kados mekaten menika kebon tumpanhgsari bayem kangung kan sawi ingkang dipun kemonah dneing warga ingkag mupangataken lahan ciut.  kangkung lan bayem mujudaken salah setunggalipun jinis taneman janganan ingkang panyuwunanipun kapetang inggil, mboten namung kangge kabetahan padintenan ing saben bale griya kemawon ananging ugi kanggenipun bakul daharan ratengan sanesipun. Kejawi ngrimatipun gampil lan prasaja, umur kangkung bayem lan sawi ingkang cekak menika ugi ados pawadan piyambak tumrapipun kadangtani kangge purun mbudidaya janganan ing purwakaning ketiga menika. Nanging emanipun, tasih sekedhik kadangtani ingkang purun mbudidaya janganan kanti pawadan kirang tlatos menapadene regi setunggal ikeitipun namung mirah. Saged kawuningan, jangana saestunipun mujudaken komoditas olah tetanen ingkang reginipun ajeg lan awis-awis sanget anjlog.

Sianosa nemahi regi ingkang radi sudha, sudhanipun ugi namung sekdhik kemawon. Sawetawis wedal kapengker sampun nate regi janganan menika nate namung kalih ewu rupiah kemawon nanging mboten dangu malih ugi ndedel malih kados wedal sakmeniatka kawan ewu dumugi gangsal ewu rupiah saben kilonipun saking tataran kadang tani. Kawuningana kapadningaken kaliyan laladan sanes, ing lahan gesik menika pancen kathah kadang tani ingkang nanem manekaweni jinis taneman janganan jalaran ngrimatipunj ugi gampil lan nalika nemahi kapituann kenging ama mboten nemahi tuna ingkang ageng kadosdemne lombok lan melon. Kathah-kathahipun kadangtani ing laladan menika mbudidaya menika ngginaaken cara organik. Saengga kejawi aman dipun konsumsi ugi saged ndamel perangan lahan gesik menika dados langkung subur lan mboten ngrisak lingkungan. Setunggaling bab ingkang kedah dipun gatosaken inggih menika tuwuhipun gulma ing sakiwa tenganipun lahan. Ing pekenan, bayem menika dipun sade kanthi regi kawan ewu gansal atus rupiah.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *