TVRI YOGYAKARTA NEWS – CITIZEN JOURNALIST
Kangge wujud kabedulen dumateng sesami mliginipun kangge kaum duafa, para guru ing DIY ingkang manunggal ing komunitas guru peduli, paring bebanton arupi kursi roda dumateng warga ingkang mbetahaken.
Saben 3 wulan sepindah, komunitas guru peduli ingkang madeg tahun 2019 lan sekretariatipun mapan ing SD Negeri Sejati Moyudan Sleman menika, ajeg paring bebanton dumateng warga masyarakat mliginipun kaum duafa ing DIY. Ing wulan Juli tahun 2024 menika, komunitas guru peduli paring bebanton arupi 13 kursi roda dumateng warga masyarakat ingkang mbetahaken, ing Kabupaten Sleman, Bantul, Kulonprogo, lan Gunungkidul. kursi roda menika mboten dipun sukaaken, ananing dipun ampilaken kemawon kanthi lelahanan. Dumugining wekdal sakmenikan sampun wonten langkung saking satus kursi roda ingkang dipun mupangataken dining warga masyarakat ingkang mbetahaken. Menawi sampun mboten ginakaken kursi roda, saget dipun bangsulaken ing guru peduli lan dipun saluraken dumateng warga ingkang mbetahaken sanesipun. warga ingkang ginakaken kursi roda menika mboten perlu was kuwatos kangge beyanipun, amargi kajawi kursi roda menika dipun ampilaken kanthi lelahana, menawi wonten karisakan ugi sampun dipun tanggung kaliyan komunitas guru peduli. Menapa ingkang dipun tindakaken dining komunitas guru pedili menika, mboten sanes inggih mujudaken krida sosial, lan wujud syukur komunitas guru mengabdi lumantar bebanton piranti kasarasan ingkang dipun betahaken dinig warga. Kajawi kursi roda, komunitas guru peduli menika ugi paring bebanton arupi walker, teken utawi lan sanes – sanesipun.