Embung Krapayak

Embung Krapayak

TVRI YOGYAKARTA NEWS – WIDI-HARIF YUDA

Para pamirsa, toya Embung Krapayak ingkang dumunung ing Banjaroya, Kalibawang Kulonprogo asat, saengga  ing mangsa ketiga menika mboten saged dipun mupanatgataken dening kadang tani. Saperangan titik ingkang rembes wekdal sakmenika nembe dipun tambal.

Embung Krapayak ingkang dumunung ing laladan Kalurahan Banjaroya, Kalibawang Kulonprogo, menika dipun kepyaakken rikala tahun kalih ewu pitulas kapengker.   Pembangunaning embung ingkang saged ngemot toya engga tigang dasa sekawan ewu meter kubik menika, kajawi kangge nyekapi kabeatahan toya kangge nyirami tanemn ing sakiwatengening embung krapyak, ugi dados setunggaling jujugan wisata,  ing mansga ketiga menika akwonetnaning embung krapayk, toyanipun meh asat, menawia tasih wonten ugi namung ing siring kidul, menika kemawon namung sekedhik sanget. Tega saweneh pedamel saking dinas pekerjaan umum kuln progo ngandarken bilih, embung krapyak menika sampun wiwit suda, ing purwakaning mansga ketiga kapengker. Embung krapyaka menika saperangan ageng toyanipun ngendelaken saking toya jawah, lan saking tigang lepen ingkang wonten ing siring ler embung. Ananging jalaran ing mansag ketiga menika, toya saking sumber, dipun mupangatken dening warga, lan  mboten saged mili dumugi ing embung, menawia wonten ugi namung alit sanget. Suapdos samangkenipun embung saged dipun mupangatken, saperangan tembok  ingkang rembes ugi nembe dipun dandosi, saengga ing mangsa jawah samangke toyanipun mboten rembes lan saged dipun mupangatken ing manga ketiga tahun ngajeng.

Embung Krapayak ingkang dipun bangun menika gadhah mupangat ageng, mligimnipun kangge lahan tetanen ingkang wonten ing sakiwatenegnipun. Kajwi gadhah mupangatt ageng ing donyaning olah tetanen, embung krapayk menika ugi dening pamarintah kalurahan lan warga masyarakat dipun kemonah dados setunggaling jujugan wisata.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *