TVRI YOGYAKARTA NEWS – HENDRY SAPUTRA-ABDUL ROHIM
Virus jene utawi bule dados setuinggaling seskait ingkang dipun adhepi dening kadang tani lombok. Kalebet kadang tani lombok ing laladan Jambidan Banguntapan Bantul.
Kados mekaten menika taneman lombok ori gadahanipun kadang tani ing Jambidan Banguntapan Bantul menika. Taneman lombok ori ingkang dipun budidaya menka dipun rebasa dneing virus bule utawi jene. Virus menika ndamel perangan ronipun dados jene lan temtu badhe ngreridu tuwuhing taneman lombok. Caranipun nularaken dhateng taneman sanesipun inggih menika kutu kebul ingkang sampun katerak virus salajengipun menclok ing wit ingkang tasih saras jalaran sampun kencokan kewan kutu kebul ingkang mbeta virus salajengipun wit wau saged ketularan virus jene. Taneman ingkang katrajang virus jene dipun pertandani wernining ron dados jene sarta kriting. Menawi mboten enggal-enggal dipun kendhalenei saged ngenjlogaken asiling olah tetanen mliginiun lombok ngantos wolung dasa persen. Kejawi dipun smeprot, kadang tani ugi gadah cara kangge ngawekani vuirus menika lumantar taneman perangkap sae menika saking wit kacang panjang, jagung menapadene taneman sanesipun. Kanthi wontenipun taneman perangkap wau kutu kebul mboten menclok ing taneman lombok anangig menclok ing taneman perangkap. Kajawi nanem taneman perangkap kadang tani ugi kedah nggulawenthah winih taneman ingkang badhe dipun tanem wiwit ing pandheheran. Menawi wonten setunggaling wit lombok ingkang katrajang virus, enggal–enggal dipun bedhol salajengipun dipun besem, supados mboten nulari taneman sanesipun. Kajawi menika njagi karesikaning lingkungan lahan ugi kedah katindaaken supados saged ngirangi saya sumebaripun sesakit menika.