Merti Dusun Cepoko Jajar

Merti Dusun Cepoko Jajar

TVRI YOGYAKARTA NEWS – TONI

Minagka wujud syukuripun dhumateng gusti ingkang murbeng dumadi warga, masyarakat saking Padiusunan Cepoko Jajar, Sitimulyo Piyungan Bantul nggelar tradisi merti duisun  kanthi ngusung irah irahan “andayani kuncaraning budaya kang adi luhung kanggo mekaring bangsa.“

Kawontenaning Padiusunan Cepoko Jajar, Sitimulyo Piyungan Bantul ketingal benten kaliyan padatanaiun, ing sak pinggiring mergi kathah warga ingkang jejel riyel  nengga wontenipun  setunggaling acara arak-arakan. Bentering sunaring surya kados mboten dipun raosaken dening warga. Ungeling tetabuhan ugi kapireng ing saindenging padukuhan nogosari,   katambah rerenggan umbul-umbul ing pinggir-pinggir mergi ndamel suwasananing padusunan cepoko jajar menika saya ketingal regeng sanget. Regenging suwasana menika jalaran warga masyarakat ing Padiusunan Cepoko Jajar, Sitimulyo Piyungan Bantul nembe nagadani merti dusun, kirab budaya menika ingkang dipun adani dening warga masyarakat ing cepaka jajar, tahun menika mujudaken krida ingkang klaping pitu. Upacara adat kirab budaya dipun purwakani ndamel pareden utawi gunungan dening warga masyarakat saking saben-saben rukun tetanegga ingkang wonten ing laladan Padiusunan Cepoko Jajar, Sitimulyo Piyungan Bantul. Wonten pareden ingkang dipun damel saking wulu pamedal asiling olah tetanen  kadosta, pantun, kacang panjang, jagung, tomat, lombok lan sapanunggalanipun. Sawetawis wonten ingkang ndamel,  gunungan saking jajan pasar  lan ingkang mboten saged katalumpekaken inggih menika sekul tumpeng, ing kridha meniksa ugi dipun regengaken seni budaya ingkang tuwuh ngrembaka ing satengahing masyarkat. Gunungan lan ubarampenipun sampun cekap dipun damel dening warga masyarakat, sak lajengipun dipun beta tumuju papan ingkag dipun cawisaken, saderengipun dipun kirab mubeng laladan padusunan tumuju papan krida upacara. Merti dusun ingkang dipun adani dening warga mnasyarakat cepaka jajar gadhah kalenggahan ingkang methok sanget  kangge mekaraaken budaya ing sak tengahing masyarakat.

Kabudayan ingkang tuwuh ing satengahing masyarakat mujudaken setunggaling perangan ingkang wigatos  ing saklebeting anjurung lampahing pembangunan. Kabudayan ugi mujudaken ciri mental bangsa ingkang nemtokaken asil pembangunaning bangsa. Saengga kabudayan waroisan leluhur menika kedah dipun lestantunaken. Saderengipun ubarampe dipun tumuju papan upacara, langkung rumiyin para pasarta sami munjuk donga supados lampahing kirab saged lumaksana kanthi gancar tebih saking rubeda. Warga masyarakat ingkang sampun nglempak ing lapangan menapadene ing sak pinggiring mergi sampun mboten sabar nengga arak-arakan kirab, sak purnaning munjuk donga lan asung palapuyran sak lajengipun kirab dipun purwakani lan dipun bidalaken, upacara kirab dipun purwakani lampahing sesepuh dusun, kairing kgunungan ingkang dipun usung dening puluhan warga ingkang ngaagem busana tradisional. Ing sak wingkinging wonten gunungan jajajan pasar, lan dipun pungkasi iring-iringan gunungan sasakeing–saben-sben RT, arak-arakan menika pikantuik kawigatosan ngkang ageng saking warga msyarakat ing padukuhan cepaka jajar. Sak dumugining papan upacara, sak lajengipun sedaya uparampe ingkang kausung dipun  tata mirunggan, saklajengipun dipun adanmi puacara kenduri lan kembul bujana andrawina.  Saderengipun sesesepuh desa munjukaken donga supados menapa ingkang sampun kaparingaken menika mberkahi tumprap sedayanipun. Krida merti dusun menika kajawi kangge nguri uri kabudayan ugi kangge nikelaken silaturahiming warga, lan wujud syukuripun lan pakjurmatan dhumateng alam semesta, ingklang sampun suka sumbering pagesangan lan sampun sak mesthinipun bilih manungsa mekaten kedah njagi lan nglestantunaken alam. Minagka pucuking acara kagelar ringgit wacucal sedalau natas kanthi lakon karno tamnding kanthi dalang ki hadi sugiran. Ing tembe ngajengipun upacara kirab menika kaangkah  kawigatosaning para pelancong, lan dados peranganing seni budaya ingkang tuwuh lan ngrembaka ing laladan kitha banguntapan dalah anyengkuyung Jogya pancen istimewa.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *