TVRI YOGYAKARTA NEWS – MARGOLARAS
Pamirsa, taneman edamame kajawi saget dipun tanem ing pesabinan, kanyat ugi saget dipun budidaya ing polybag. Kajawi gampil anggenipun ngrimat, mawohipun ugi langkung cepet kabandingaken dipun tanem ing sabin.
Dangsul mujudaken salah setunggal komoditas pinunjul saking Indonesia. Bab menika saget dipun tingali saking panyuwunan peken ingkang tansah inggil, ananging pasudiyan ing peken kirang. Saengga taneman edamame dados setunggaling jinis dangsul ingkang saget dipun budidayakaken dining warganing masayarakat. Kados ingkang dipun tindkaaken dining Siti Nur Widiati saking laladan Sidomulyo Bambanglipuro Bantul, ingkang wekdal sakmenika nembe budidaya taneman dangsul ing polybag. Menapa ingkang dipun tindakaken dining Siti Nur Widiati menika kanyata ngasilaken. Edamame ingkang dipun tanem ing polybag menika tuwuh kanthi subur, kepara ing umur 35 dinten sampun medal sekaripun, lan setunggal minggu saklajengipun sampun medal wohipun. Piyambakipun gadah kekajengan bilih bade nanem edamame menika ing sabin kanthi pangajab asil panenipun langkung katah saengga kajawi saget nyekapi kabetahan balegriya ugi kabetahan peken.
Menapa ingkang dipun tindakaken dining Siti Nur Widiati menika mujudaken kupiya kangge njurung warga sanesipun tumut budidaya edamame. Kajawi saget dipun pendet asilipun, kanyat taneman edamame ingkang salipun saking jepang menika ngandut gizi ingkang inggil saengga trep sanget dipun damel maneka werni olahan.