TVRI YOGYAKARTA NEWS – MUCHAMMAD RIDWAN
Sinaosa sanes mujudaken taneman asli indonesia, kanyata menawi dipun rimat kanti sae taneman plum, saged mawoh kanti sampurna mboten kawon kaliyan nalika dipun tanem ing negari asalipun.
Taneman plum menika wusananipun kasil dipun mekaraken dening salah sawenh warga Kampung Taman Candimulyo, Kalurahan Taman Martani Kalasan Sleman. Sinten ingkang nyana, kanyata menawi dipun tanem ing lingkungan ingkang trep, taeman plum menika saged mawoh ndados mboten kaown kaliyan menawi dipun tanem ing negari asalipun, australia. Kangge ndamel taneman meniak tuwuh subur mboten namung migatoskaen babagan anggenipun nyirai nangingugi rabuk. Kejawi meniak supados taneman meniak saged tuwuh nggrembuyung mila sakig alit ugi sampun wwit dipun renpeli lan dipun bentuk, ngira spantes dipun jagi inggipun sampun ngantos langkung saking gangsal dumugi 6 meter, tanpa dipun rempeli, taneman plum meniak saged tuwuh kanti inggil kalih welasn meter langkung. Woh plum ingkag tasih nem, limrah werni ijem nanging saksampuniupun mateng werninipun ewah dados soklat cemeng lan cumawis dipun panen. Tekstur woh lum menika radi alus nanging raosipun seger sanget, wonten kecut lan manisipun sarta ngandet toya kathah. Woh plum menika saged dipun dahar mekaten kemawon menapaden dipun damel jus menapa dene dipun olah dados nyamikan garing sarta manisan.dereng kathah ingkang mangertosi mupangatipun woh plum. Nanging saking literatur utawi kapustakan ingkang wonten, woh plum meniak saegd ngusadi sakit pencernaan. Plum dipun pitados ugi saged kange ngawekan sakit kanker usus lan wasir. Saged kawuningan. Taneman plum meniak saged dipun budidayaaken lumantar cara stek, ndeder wijinipun sarta cangkok.