TVRI YOGYAKARTA NEWS – SETYA BUDI
Ing mangsa preen natal lan warsa engal tahun menika, panyuwunan tumrap ayam kampung ing Peken Unggas Wonosari Gunungkidul mindhak engga kalih lipetipun kabandingaken dinten padatan.
Inggilipun panyuwunan tumrap ayam kampung ing peken unggas kepek ingkang mapan ing Kranon Wonosari Gungungkidul menika sampun dumados wiwit sawetawis dinten pungkasan. Katah saking para bakul ayam ing peken menika, kewetan anggenipun nyekapi kabetahan peken awit katahipun panyuwunan mboten namung saking warga masyarakat ananging ugi para supliyer ingkang ngladosi wande-wande dahar ing ngayogyakarta. Salah saweneh bakul ayam ing Peken Kranon Wonosari Gungungkidul Suyudi Waleh, bilih inggilipun panyuwunan tumrap ayam kampung ndamel piyambakipun kedah nambah stok ayam daganganipun. Saben dinten piyambakipun kedah nyudiyakaken engga 50 iji ayam kampung kangge lenggananipun. Kamangka ing dinten padatan saben dintenipun suyudi namung ngintun ayam kampung ing lenggananipun watawis 25 dumugi 30 iji kemawon. Sinaosa panyuwunan peken tumrap ayam kampung sakmenika inmggil, ananging pengaosipun mbten nemahi indhak indakan. Ayam ukuran sedeng dipun sade kanthi regi 40 dumugi 45 ewu rupiyah saben ijinipun.
Dipun dugi panyuwunan ayam kampung badhe saya inggil nalika nyelaki warsa enggal samangke. Padatanipun katah warga ingkang sami pados ayam kampung kangge dipun olah dados manekawerni olahan sinambi nengga gantosing warsa engga.