TVRI YOGYAKARTA NEWS – ADI NUGROHO-WENDY
Para pamirsa, laladan nuswantara menika pancen sugih sanget manakawerni taneman herbal ingkang kebak mupangat, salah setungalipun inggih menika minjangan utawi ingkang asring dipun sebat kirinyu.
Saestunipun tanaman kirinyu menika sampun kathah dipun tepang dening warga masyarakat nanging kemawon kathah ingkang mboten magertosi naminipun, krinyu kathah tuwuh alami ing pekawisan menapa dene ing tegalan kanti tanpa dipun rimat. Kathah kathahipun taneman menikak ugi nemung kangge jampi rajakaya ingkang nandhang sesakit. Mboten kados ijeman sanes, jalaran raosipun ingkang pait, kirinyu mboten dipun remeni rajakaya lan namung dipun sukaken kala kala kemawon, ingkang ndudut kawigatosan, kirinyu ingkang ing sakdanguning wedal menika kaanggep namung minangka grumbul tanpa mupangat kanyata ing salebeting ronipun ngandet setunggaling senyawa kimia aktif ingkang migunani sanget kadosta fenolik, flavonoid, saponin, terpenoid, tanin sarta stereoid. Sinten ingkang nyana bilh kakek moyang sampun mangertosi mupangatipun taneman menika kangge usada nalika nemahi tatu ingkang ngedalaken nrah, kanti cara ron kirinyu mneika dipun deplok lan dipun sukakan ing perangan ingkang tatu. Mboten namung ron kirinyu ingkang kebak mupangat, perangan oyot kirinyu ugi saged kangge ngusadani sesakit maag, luntak rah sarta sakit padaaran. Nanging ingkang kedah dipun emut emut, jalaran kandetan zat aktif taneman menika kapetang inggil, mila kedah ngatos atos nalika ngginakaken. Ron kirinyu sarta perangan oyot ing kalanganing kadang tani ugi saged dipun dadosaken pestisida alami ingkang murakabi sanget.