TVRI YOGYAKARTA NEWS – WIDI-YUDHA
Para pamirsa, menawi panjenengan badhe plesiran ing preen nataru, salah setunggling jujugan wisata ingkang saged dipun datengi inggih menika jujugan wisata Grojogan Kembang Soka ing Kulonprogo. Ing papan menika panjenengan saged ningali seswangan alam, sinambi lelumbang ing sekawan blumbang ingkang toyanipun, saking sak nginggiling pareden.
Grojogan Kembang Soka ing Kulonprogo dumung ing Dusun Gunung Kelir, Jatimulyo, Girimulyo Kulonprogo, saking kitha Ngayogykarta mergi ingkang saged dipun langkungi inggih menika mergi godean, mangilen dumugi ing lepen progo teras mlebet ing mergi guwa kiskendo saklajengipun tumuju ing desa wisata jatimulyo. Sasampunipun panjenengan markiraken tetumpakan, saklajengipun lumampah tumuju ing paapn wisata nglangkungi kebon-kebon gadhahanipun warga sarta minggah nglangkungi undhak-undhakan saking deling ingkang dipun damel dening pihak panglola papan menika. Ing sakiwa tengening mergi, ugi wonten grojogan-grojohgan alit ingkang toyanuipun bening. Sasampunipun mandhap ing undhak-undhakan udakawis sedasanan menit, panjenengan sampun sampun dumugi ing blumbang sepisanan. Blumbang menika toyanipun being sanget iongkang asalipun saking setunggaling sumber toya ingkang mapan ing sak nginggiling pareden. Sasampunipun menika para pelancong saged nglajengaken lampah, sinambi amirsani wontenipun grojogan toya saking sanginggiling pareden. Grojogan Kembang Soka ing Kulonprogo menika toyanipun sab-saban, ingkang nginggil piyambak grojoganipun ageng, sawetawis ing ngandhapipun saya alit. Ing sangandhaping grojogan menika dening pengelola ugi dipun damel blumbang ingkang saged dipun mupangtaken kangeg lelumban, lan blumbang ingkang pungkasan menika ingkang saya nenegsemaken, jalaran toyanipun wonten kalih werni inggih menika pethak lan ijem toska. Mboten namung toyanipun kemawon, sela ingkang woten ing dasaring grojogan ugi werninipun jene dipun tambah wontenipun pareden ingkang selanipun werni abrit, saya ndamel endahing sesawangan jujugan wisata menika. Budi saweneh pengelola wisata Kembang Soka martelaken bilih nama kembang soka piyambak dipun dadosaken namining jujugan wisata menika jalaran sumber toyanipun saking setunggaling papan ingkang kathah tuwuhan arupi sekar soka. Wiyaring papan ingkang wonten ndamel jujugan wisata grojogan kembang soka menika cocok sanget dipun nginaken kangge ngenggar-enggar penggalih, lelumban ing sakpinggiring grojogan sarta ningali kaendahaning alam.