Awarting Rebosisasi ing Lahan Pesisir

Awarting Rebosisasi ing Lahan Pesisir

TVRI YOGYAKARTA NEWS – ADI NUGROHO

Angin ingkang ageng, abrasi, sarta kandetan saren ingkang inggil dumugi wedal sakmenika dados pepalang piyambak ing salebeting nindhaken reboisasi lahan pesisir, manakwerni kupiya sampun kathah dipun tindhaaken nanging emanipun   kathah ugi winih cemara kangge ingkang pejah.

Menawi dipun tingali saking kawontanen geografisipun, mboten sedaya laladan ing bantul mekaten subur lan saged dipun dadosaken lahan olah tetnanen jalaran  kathah lahan gesik ingkang sumebar ing sepnajngging pesisir kidul. Nanging jumbuh kalihan mekatring teknologi sarta cara tetanen ingkang nengenaken lestantunipun lingkungan, mila dipun padosi cara kados pundhi lahan gesik menika saged dipun tanemi lan mbeta asil ingkag sae, salah setunggalipoun inggih menika lumantar  nanem cemara udang ing sepanjanging pesisir dening para mahasiswa saking  Fakultas Kehutanan UGM kanti tujuan kejawi kangge ngijemaken laladan ugi kange wind barrier olah tetanen ingkang saged nyanggi kekiyatan angin ingkang mbeta  kandetan sarem, ingkang wusananipun ugi saged ngrisak taneman budidaya, ngiras pantes ugi minangka wahana kangge panaliten. Kridha rebosisasi menika pancen mboten gampil. Kathah pepalang imgkang kedah dipun ajengi, ing antawisipun  dumugi wedal sakmeniak tasih kathah toyang ingkang mboten gadah tanggel jawab mbedhol winih cemara kanti tujuwan tinemtu. Mboten namung menika, jalaran  kawontenan winih ingkang tasih alit, mila ugi asring pejah kenging angin ageng ingkang ngandet sarem inggil. Ewa semanten, kridha nanem cemara ingang sampun kawiitin dasanan tahun kapengker menika kanyata ugi mbeta asil ingkjang sae, kayejti lahan gesik pesisir kidul dumugi wedal sakmenika saged dipun kemonah kanyi sae kepara malah asilipun ugi langkung kathah kapandingaken kaliyan lahan  konvensional jalaran ngginakane rabuk kadang minangka media utaminipun. Tanpa  wonteniun wind barrier taneman cemara udang menika, kadang tani mboten saged  mbudidaya manekawerni taneman pangan kanti sae. Kejawi gadah mupangat nyanggi kekiyatan angin, sinten ingjang nyana taneman cemara meniak kanyata ugi  murakabi sanget kanagge mandhapaken kandhetan saerm ing sumur sumur bor ingkang ddaos sumbering irigasi kadng tani lahan pesisir. Ingkang dados pepalang, dumugi wedal sakmenika tasih kathah pihak pihak ingkang mboten gadah tanggel jawab ingkang wusananipun ugi mbubutiu taneman cemara ingkang tasih alit  menika. Mboten namung menika, kathah ugi lahan lahan gesik pinggir seganten ingkang badhe dipun damel tambak lan mboten saged dipun dadosaken papan kangge reboisasi.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *