Asil Panen Lombok Mandhap

Asil Panen Lombok Mandhap

TVRI YOGYAKARTA NEWS – JATMIKO HADI

Sinaosa pengaosing lombok sakmenika inggil ngancik 100 ewu rupiyah saben kilogram, ananging asil panen lombok sakmenika mandhap. Kangge ningkataken bebathen, kadang tani nyade asil panen lombokipun langsung dumateng warga masyarakat.

Manekawerni kupiya dipun tindakaken dining kadang tani lombok, kangge pikantuk bebaten. Karti salah saweneh kadang tani lombok ing Dusun Dukuh Sindutan Kulonprogo ngandarake, sinaosa regi lombok sakmenika inggil ngancik 100 ewu rupiyah saben kilo, ananging piyambakipun mboten saget nyade asil panenipun kanthi gunggung ingkang katah. Bab menika amargi asil panen lombok ing mangsa panen sakemnika mandhap engga 50 persenipun kabandingaken asil panen sakderengipun. Mandapipun asil panen lombok amargi kapangaribawa cuwaca ingkang sampun mlebet ing mangsa rendeng. Mangsa rendeng ugi mangaribawani panen mundur, menawi padatan panen saget dipun tindakaken 4 dumugi 5 dinten sepindah, sakemnika namung saget dipun tindakaken seminggu sepindah. Awit saking kawontenan menika, kangge ningkataken bebathen ing mangsa panen lombok wekdal menika, karti langkung milih nyade asil lombokipun langsung dumateng masyarakat ulamntar peken tradisioal, lan mboten liwat tengkulak. Ing tataran kadang tani piyambak, p-engaosipun lombok sakmenika 80 ewu rupiyah saben kilonipun.

Karti ngajab asil panen lombok ing mangsa panen candakipun langkungsae kabandingaken mangsa panen sakmenika, saengga bebatenipun kadang tani lobok ajeg lan saget kangge nutup beya pangrimatan.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *