Budidaya Pisang ing Pesabinan

Budidaya Pisang ing Pesabinan

TVRI YOGYAKARTA NEWS – HENDRY

Kathah manekawerni jinis komoditi olah tetanen ingkang saged dipun budidaya wonten ing pesaninan, salah setunggalipun inggih menika nanem woh pisang ingkang saged dipun panen woh lan ronipun.

Kejawi dipun tanemi pantun, lahan pesabinan ugi sage dipun mupangataken kangge nanem manekawerni jinis taneman woh-wohan. Kados ingkang dpun tindaaken dening saweneh kadang tani ing laladan Sanden Bantul ingkang nanem taneman woh pisang ing lahan pesaninanipun. Sanadyan ing sakiwa tengenipun kathah ingkang nanem pantun ananging piyambakipun tetep nindaaken budidaya taneman pisang amargi pangrimatanipun ingkang kapetang gampil lan panyuwunan pisang ingkang inggil. Lahan pesaninan ingkang wonten ing meika dipun ginaaken kangge nindaaken budidaya taneman pisang manekawerni jinis. Kados ingkang kauwningan bilih taneman pisang mujduaken steunggaling taneman woh ingkang kathah mupangatipun. Meh sedaya peranganipun saged dipun mupangataken wiwit saking debog, ron lan temtu pisangipun. Awit skaing meika piyambakpun milih nanem manekawerni jinis pisang wiwits aking pisang kepok, raja, ambon lan sakpiturutipun. Menawi asilipun sae lan kathah woh pisnag menika saged dipun sade minangka kangge nambah wulu wetu, menapadene dipun dahar piyambak kangge nyakapi kabetahan vitamin ingkang dipun betahaken dneing badan. Kepara, pisang menika mujudaken steunggaling woh ingkang kathah dipun padosi dening bakul nyamikan amargi saged dipun olah dados manekawerni nyamikan ingkang raosipun echa. Mboten wonten pangrimtan ingkang miirunggan ing saklebeting budidaya pisang menika kejawi njagi supados kawontenan sitinipun resik saking gulma supados asiling panen pisang saged sae.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *