TVRI YOGYAKARTA NEWS – HENDRY
Kajawi kangge budidaya manekawerni taneman olah tetanen, lahan pesabinan ugi sage dipun mupangataken minangka kangge blumbang budidaya ulam nila, asilipun sae lan saged kangge nyekapi panyuwunan peken ingkang inggil.
Dumugi wekdal sakmenika kabetahan ulam konsumsi tansaya kathah. Inggih bab menika ingkang saklajengipun dipun mupangataken dening warga kangge nindaaken usaha budidaya ulam nila. Usaha ulam nila menika dumados saking ulam konsumsi menapadene winih ulam. Usaha ulam konsumsi panyuwunanipun kathah, sementen ugi usaha winih ulam. Panyuwunan winih ulam menika mboten kawon kaliyan ulam nila konsumsi. Kepara kadang tani ulam kuwalahan anggenipun nyekapi panyuwunan winih ulam menika. Mila saweneh kadang tani ing Bantul lajeng mupangataken lahan pesaninan minangka kangge blumbang budidaya ulam nila. Ing laladan menika wonten watawis tigang blumbang ingkang dipun budidaya dneing warga kanthi cara klempakan utawi sesarengan. Budidaya mina kanthi cara klempakan asilipun langkung sae jalaran para warga sami lelinton seserapen, informasi sarta ngilmi. Kajawi menika keamananipun langkung murakabi, panyuwunan peken dumugi perkawis winih lan pakan saged langkung terwaca. Sedaya samukawis ingkang gayut kaliyan kabetahan kadang tani pambudidaya ulam saged dipun tindakaken lumantar klempakan. Budidaya ulam kanti cara klempakan menika pancen nggadahi mupangat ingkang kathah. Kejawi kawontenan ekonomi warga masyarakat ugi tumut regeng, para wiranem mboten kedah nyambut damel ing njawi dhusun. Ngrebasaning sesakit ulam, ugi lajeng dados tanggel jawab sesarengan, jalaran menawi wonten setunggal blumbang ingkang katerak ama sesakit, blumbang sanesipun ugi saged kenging jalaran sumbering toya sami saking lepen inggil.