TVRI YOGYAKARTA NEWS – SETYA BUDI
Manekawerni kupiya dipun tindakaken kadang tani supados saget tetep nanem lombok ing mangsa rendeng. Salah setunggalipun kanthi milih winih lombok ingkang tahan saking toya jawah.
Mangsa rendeng utawi jawah dados pepalangipun kadang tani lombok ing saklebeting budidaya taneman lombokipun. Ing mangsa rendeng kados wekdal sakmenika, taneman lombok gampil sanegt katerak ama pathek, lan lonyot. Saengga kajawi dipun betahaken pangrimatan ingkang langkung temen, pamilihing winih lombok utaminipun ingkang tahan saking toya jawah dados setunggaling kunci budidaya lombok ing mangsa rendeng. Salah saweneh kadang tani saking laladan Kalurahan Gading Kapanewon Playen Gunungkidul Marsudi ngandaraken, bilih ing mangsa rendeng sakmenika piyambakipun nanem lombok jinis kriting, kanthi winih ingkang kualitasipun sae lan tahan saking ama. Lombok kriting menika ugi langkung tahan saking virus gemini ingkang saget ngedhakaken asil panen. Marsudi piyambak langkiung milih nanem lombok jinis kriting amargi sampun saget dipun panen ing umur 85 dinten sak sampunipun panen, lan menawi dipun simpen saget langkung awet. Piyambakipun ugi ngandaraken bilih kajawi pamilihaning winih ingkang sae, kangge pikantuk asil panen lombok ingkang maremaken kadang tani kedah nindakaken pangrimatan ingkang langkung temen. Lahan taneman budidaya lombok ugi mboten kembong toya, saengga kajawi ndamel bedengan ugi dipun betahaken irigasi ingkang gancar. Lan ingkang mboten saged dipun lirwakaken inggihmenika pangginaning obat–obatan ingkang saget ndamel tuwuhing taneman lombok langkung sae, lan kangge ngawekani ngrebasanipun ama lan sesakit lombok. Kawuningana bilih asil panen lombok kriting saking kadang tani ing laladan gading mneika dipun sade ing pekenan lokal lan wande dahar ing laladan Gunungkidul.