Regi Terong Mindhak

Regi Terong Mindhak

TVRI YOGYAKARTA NEWS – JATMIKO HADI

Para pamirsa, sampun sawetawis wekdal pungkasan menika, pengaosing janganan mliginipun jinis terong ing pekenan mindhak. Bab menika ndamel bebatenipun kadang tani tikel tekuk.

Mindhakipun regi janganan mliginipun kangge jinis terong, dados berkah piyambak tumrap para kadang tani janganan ingkang ngolah lahan ing lahan Gesik Kulonprogo. Kados ingkang dipun raosaken dining mustari, salah saweneh kadang tani terong saking Padukuhan Dukuh, Kalurahan Sindutan, Kapanewon Temon, Kulonprogo. Piyambakipun ngandaraken bilih mindhaking regi terong sampun dumados sawetawis minggu pungksan menika. Menawi padatan setunggal kilo gram terong ing tataran kadang tani namung dipun sade 2 dumugi 3 ewu rupiyah kemawon, sak menika pengaosipun mindhak dados 8 dumugi 9 ewu rupiyah saben kilonipun. Bab menika tentunipun ndamel bebaten tumrap piyambakipun lan kadang tani janganan jinis terong sanesipun. Menapa malih panyuwunan peken ugi tansah inggil. Mustari piyambak nanem janganan terong ing lahan kanthi wiyar 300 meter pesagi. Panen katindakaken saben 4 utawi 5 dinten sepindah, kanthi asil panen 20 dumugi 30 kilo saben panen. Sinaosa pengasosipun terog ing pekenan mindhak, ananging Mustari nelakaken bilih asil panen terong ing wekdal menika mandhap kabandingaken mangsa panen sak derengipun, ingkang ngasilaken engga 50 kilogram saben panen. Mandhapipun asil panen ing mangsa panen sakmenika dipun pangaribawani awit kawontenan cuaca ingkang mboten tinamtu.

Kadang tani lahan gesik ing laladan Kabupaten Kulonprogo pioyambak langkung milih nanem janganan mligi kangge jinis terong, amargi mangsa panenipun ingkang cekak inggih menika 40 dinten, lan saget gesang engga 6 wulan.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *