TVRI YOGYAKARTA NEWS – WIDI-YUDA
Para pamirsa, toya jawah ingkang mandhap ing mansga rendheng, dening saweneh warga saking Sikepan Bangunjiwa, Kasihan Bantul dipun pisahaken sipat basa lan asamipun, saengga gadhah mupangat tumprap kasarasan.
Gusti ingkang akarya jagad sampun paring mapinten-pinten kanikmatan arupi Sumber Daya Alam ingkang katujokaken kangge raharjaning umatipun. Salah setunggaling sumber daya alamingkang wigati sanget tumprap lampahing gesang sedaya “ makluk “ inggih menika toya. Toya mujudaken perangan ingkang utami gesanging manungsa, mboten namung kangge unjukan, siram, umbah-umbah ananging ugi kangge nindaken usaha olah tetanen bahan pangan. Toya ingkang resik lan aman ugi wigatos sanget tumprap kasarsanan lan karaharjaning manungsa. Amanging jumbuh kaliyan saya ngrembakaning penduduk, inggilipun tataran polusi, kiranging wana dalah saya sudanipun laladan lepen, bebaya temtunipun ngancam tumprap lestantuning toya. Toya dados reged utawi tercemar, sumber toya kathah ingkang ical lan toya kepara dados ical. Tantanagan global menika kedah dipun adepi sesarengan kanthi jagi lan ngopeni toya. Toya ingkang kathah ing mangsa jawah, lan ical nalika mangsa ketiga mboten saged dipun anggeb setunggaling proses alam kemawon, ingkang ajeg dumados lan dipun jaraken tanpa mboten wonten cara kangge mecahaken perkawis kasebat. Dening sarmin sawe3neh warga saking sikepan bangunjiwa kasihan bantul, toya jawah kala wau dipun kemonah dados setunggaling unjukan kasarasan, kanthi ngginaken setunggaling piranti ingkang prasaja kawastanan pirantri elektrolisa. Toya jawah saking asiing panen saklajengipun dipun saring, nembe dipun lebetaken ing piranti eleektrolisa. Piranti menika misahaken toya ingkang sifatipun asam lan basa. Toya ingkang gadhah sipat asam dipun mupangataken kangge ngusadani tatu ing badan, disinfektan lak sakpanunggalipun. Sawetawis toya ingkang gadhah sipat basa saged dipun mupangataken kangge unjukan, lan njagi kasarasan kepara saged ngusadani sesakit kanker, diabet, jantung, ginjal engga koiloelstrol.
Toya ingkang dipun asialken menika namung dipun bage dhumateng warga ingkang mbetahaken kanthi lelahanan.