Vegetasi Panandus Kedah Lestantun

Vegetasi Panandus Kedah Lestantun

TVRI YOGYAKARTA NEWS – ADI NUGROHO

Kajawi saged dados bahan kerajinan ingkang pilih tanding, vegetasi pandanus odorifer utawi pandan ri mekaten, dipun betahaken sanget ing lingkungan pesisir kangge njagi ekosistem.

Naminipun pandan rie utawi laut. Ing laladan sanes wonten ugi ingkang nyebat tamenan menika kanti nami pandan pasir menapadene pandan pudhak duri. Taneman ingkang  gadah nami latin pandanus odorifer menika pancen kathah tuwuh ing laladan pinggir seganten. Kepara ing sainggiling siti ingkang cengkar, taneman menika ugi saged tuwuh kanti sae jalaran sipatipun ingkang nyimpen pasudiyan toya sarta kalis saking ama sesakit.  Dereng kathah ingkang mupangataken taneman menkika. Nanging ing laladan sanes, kathah mankawerni kerajinan ingkang dipun damel saking rton pandan laut menika. Kejawi bahanipun ulet, ron padan laut ugi kaloka awet sarta mboten mbedhel. Sawetawis sekar pandan laut ingkang asring dipun sebat pudhak menika ugi asring dipun dadoskanen  minangka srana kangge damel ruangan utawi senthong ngganda arum, semnaten ugi ing donyening kuliner, sekar pandan asring ugi dipun dadoskaen minangka sumbering kelir alami, ing dnyaning pangusadan, minyak astiri saking sekar pandan kanyata ugi migunani sanget kangge ngusadani manakawenri sesakit. Kepara lisah kevda ingkag dipun pundhut saking ekstrak sekar lan woh pandan menika  migunani sanget kangge damel lisah wangi.  Ing  maladewa, woh pandan laut menika dipun mupangataken minnagka woh ingkang saged dipun dahar ing perangan bongkot woh ipun. Saged kawuningan, woh pandna meniak  menawi dipun lolosi setunggal mbaka setunggal wujudipun kaods salak nanging bedha werni. Sawetawis ron ipun kathah dipun mupangataken kangge bahan herbal ingkang saged kangge ngusadani lepra, cacar air, kuid lan panu.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *