Menda Bligon

Menda Bligon

TVRI YOGYAKARTA NEWS – WIDI-YUDHA

Kangge anyengkuyung lampahing program lumbung mataraman, warga masyarakat Padukuhan Mendiro, Gulurejo, Lendah Kulonprogo nindaaken usaha budidaya menda jinis bligon.

Budidaya menda asilipun langkung mikolehi, kajawi kathahing wande ingkang nginaken bahan baken daging menda, ngepasi dinten riyaya kurban panyuwuanan ugi badhe saya tikel tekuk. Kalodhangan kasebat dipun mupangataken dening warga Gulurejo, Lendah Kulonprogo kangge nindaken usaha budidaya menda jinis bligon.  Kapilihipun menda jinis bligon menika jalaran asilipun mikolehi awit panyuwuanan peken ingkang tinarbuka lan ngrimatipun gampil. Ing saklebeting nyukani pakan, mboten kewetan jalaran menda-menda ingkang dipun ingah menika dipun sukani pakan arupi suket sarta rambanan wiwit saking godong nangka, kleresede, lamtoro engga kaliandra. Sawetawis kangge komboranipun ngginaken ampas tela, lan katul  ing wanci enjing. Wekdal sakmenika wonten kalih dasa indukan menda bligon ingkang dipun budidaya dening warga, ingkang nyawiji kaliyan lahan budidaya taneman klengkeng, anggur sarta komoditas tetanen sanesipun. Usaha ngingah menda bligon menika minagka peranganing program lumbung mataramanan, inglkamng diopun mkeklaraken dening warga masyarakat. Menggah cara budidaya  menda ingkang katindaken deing warga ing papan menika inggih menika breeding utawi nganakaken menda babonan. Samidi pengelola lumbung matraman gulurejo, mratelaken bilih kanthi ngingah menda menika kaajwi saged dipun sade anakanipun, asil bucalan menda dipun mupangatken kangge ngrabuk taneman ingkang wonten. Kanthi mekaten saged ngirit beya kengge tumbas rabuk. Kawuningana bilih lahan ingkang dipun mupangtaken kangge program lumbung mataraman menika mujudaken lahan marginaal saengga kanthi wontenipun rabuk norganik saking bucalamn menda menika saged nyuburaken siti. Saben tahun menda menika saged manak kaping kalih, saben manak cempenipun saged ngancik kalih engga tiga.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *