TVRI YOGYAKARTA NEWS – ADI NUGROHO
Kawontenan alam pesisir ingkang tasih asri sarta ombyak ingkang mboten pati ageng, ndamel pesisir bugel kulonprogo dados jujuganipun para tiyang ingkang remen mancing pasiran.
Kados mekanten menika kawontenan pesisir Bugel Kulonprogo. Menawi pesisir sanesipun kathah ingkang risak jalaran abrasi menapa dene dumaods ombyak ageng, nanging ing pesiisr bugel ketingal bedha. Alun seganten ugi Hermanto saweneh kadanag ingkang mancing ing papan menika waleh, bugel dados jujuganipun para pelamcong lokal sarta para tiyang ingkang remen mancing jalaran papnipunsekeca. Mboten namung meika, bugel kaloka kathah sanget ulam gatho nipun. Mila mboten maiben meenawi wonten ingkang asring pikantuk ulam ageng. Nanging emanipun, sampun dangu para kadnag pamisaya mina mboteb nyegaten jalaran angin ageng. Menawi adat sabenipun sami nyeganti wiwit jam sekawan enjing, mngingi dumugi wedal samenika sami sumene mboten saged pados ulam. Harmanto nandeskaen, tiyang ingkang mancing mekaten radin radin ugi mirengaken pambiwaran saking bmkg kangge mangertosi kawontenan seganten. Saking pambiwaran bmkg, ingipun ombyak seganten menika saestunipun ugi tasih badhe inggil dumados dumugi tigang dinten mengajeng, lan papanipun ugi mboten sami, ila ugi kawusun sami waspada. Saged kawuningan, ing kawotenan ingkang normal, pesisr bugel menika asring dados jujugan wisata jalaran papanipun ingkag edhum sarta wonten tpi utawi tempat pelelangan ikan. Kathah wisatawan ingkang nuweni bugel namung kange pados ulam seger.nanging gayut kaliyan ingggilipun ombyak, dinten menika womten woten wisatawan ingkang ngendangi pesisir bugel.