Populasi Lembu Po ing Kulonprogo Bade Dipun Tingkataken

Populasi Lembu Po ing Kulonprogo Bade Dipun Tingkataken

TVRI YOGYAKARTA NEWS – JATMIKO HADI

Pamerintah Kabupaten Kulonprogo tansah ngupiyakaken kados pundi ningkataken gunggung populasi lembu jinis Peranakan Ongole utawi PO ing laladan Kulonprogo.

Pamerintah Kabupaten Kulonprogo lumantar Dinas Pertanian dan Pangan Bidang Peternakan, nembe ngupiyakaken kados pundi nambah gunggunging populasi lembu jinins PO ing tataran nkadang tani ternak ing laladan Kabupaten Kulonprogo menika mindhak. Bab menika amargi ing saktengahing masyarakat, sampun mboten katah kadang tani ternak ingkang sami ngingah lembu jinis Peranakan Ongole menika. Kadang tani ternak katah ingkang ngingah sapi jinis sanesipun kadosta limosin lan simental. Kamangka lembu PO mekaten mujudaken lembu keturunan jinis ongole lan lembu jawi, kaniji gadhah kaluwihan kapandingaken kaliyan lembu jinis simental lan limusin. Mboten namung menika lembu PO ugi gadhah kaluwihan tuwuhipun  langkung cepet, pakanipun langkung sekedhik lan teksturc daghingipun langkung eca.

Kajawi ajeg suka bebanton hibah lembu PO dhumaetng kadang tani ternak ing saben tahunipun, kupiya nikelaken populasi lembu PO ugi luamntar semen kangge inseminasi buatan, saengga kaajab saya kathah kadang tani ternak nindaken budidaya lembu PO.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *