Janganan Ron Brambet

Janganan Ron Brambet

TVRI YOGYAKARTA NEWS – SETYA BUDI

Kajawi dipun pendet umbi nipun, kadang pambudidaya brambet saget pikantuk bebathen saking ron brambet ingkang pajeng dipun sade ing pekenan. Setunggal kilo ron brambet menika pajeng engga 5 ewu rupiyah.

Ron brambet ingkang dipun mupangataken dados janganan menika padatanipun medal nalika brambet sampun mlebet ing mangsa panen. Kados ingkang dumados ing lahan brambet ingkang wonten ing Padukuhan Ploso Kalurahan Giritirto Kapanewon Purwosari Gunungkidul menika. Sunyoto salah saweneh kadang tani brambet ing laladan menika waleh, bilih ron brambet menika padatanipun ketingal ing umur 50 dinten utawi 10 dinten sakderengipun mangsa panen brambet. Katah saking warganing masyarakat ingkang remen lan sami pados ron brambet menika saperlu dipun ginakaken kanhgge jejangkeping mangsak. Kadasta dipun damel tumis, engga kangge campuran mangsak tempe lan mendoan. Anggenipun manen ron brambet menika ugi namung gampil, cekap dipun punggeli kemawon saking sak nginggioling umbi brambet. Kajawi masyarakat umum, katah para bakul janganan ingkang sengaja pados ron brambet ing papanipun menika, kanghge dipun sade ing pekenan. Setunggal kilo gram ron brambet menika dipun aosi 5 ewu rupiyah.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *