TVRI YOGYAKARTA NEWS – SETYA BUDI
Kangge nyekapi kabetahan gizi tumrap para balita, para pawestri ingkang mujudaken kader kesehatan desa ing Kalurahan Balong Girisubo Gunungkidul, saben dinten ndamel daharan ingkang dipun bagekaken dumateng para balita ingkang gadahi resiku stunting.
Kados mekaten menika kridanipun para kader kesehatan nalika nyawisaken manekawwrni daharan ingkang katujokaken dumateng balita ing Kalurahan Balong Girisubo Gunungkidul. Dumugining sakmenika gunggung balita ingkang pikantuk tambahan gizi wonten 8 lare. Koordinator kader kesehatan Fitri Yuliana ngandaraken, bilih saben dinten para kader kesehatan ing kalurahan balong menika masak wiwit tabuh 8 enjing dumugi purna. Sak sampunipun sedaya daharan menika cumawis, para kader kesehatan menika saklajengipun ngintun daharan tambahan gizi menika dumateng balita ingkang gadahi resiku stunting. Piyambakipun nelakaken bilih krida kados mekaten menika sampun lumampah tigang wulan pungkasan, lan pikantuk kawigatosan ingkang ageng saking masyarakat.
Kanthi krida menika dipun ajab saget paring pambiyantu dumateng pamerintah, babagan ngedhakaken angka stunting ing Indonesia mliginipun ing Kalurahan Balong Girisubo Gunungkidul.