TVRI YOGYAKARTA NEWS – WIDI
Para pamirsa, menawi panjenengan tindak Kulonprogo, badhe karaos kirang jangkep menawi dereng ngedapi lan ngraoaken olahan asiling usaha tani kopi ingkang katindaaken dneing kadang tani ing pareden menoreh. Salah setunggaling ppan kangge ngedapi kopi menoreh kla wau salah sertunggalipunningih menika ing Omah Kopi Menoreh.
Omah Kopi Menoreh dumunung ing Kabupaten Kulonprogo pasipun ing Padusunan Madigondo, Sariharjo, Samigaluh, Kulonprogo. Papanipun ugi kapetang mnengsemaken, jalaran mapan ning setunggaling pareden, saengga menawi tamu badhe ngendhangi papan menika kedah mindhak ing undhak-undhakan. Pendapi jawi dados papan utami kanggenipun para tamu igkang badhe ngedhapi kopi. Saking pendapi menika, para tamu saged amirsani sesawangan alam pareden menoreh ingkang negnsemaken, kanthi kawontenan alam ingkang ijo royo-troyo, ingkang kadang kla kasaput wontenipun pedhut. Warung kopi menika nawisaken manekawerni unjukan kopi saking asiling usaha tani, ingkang katindaken deing kadang tani ing laladan menoreh inggih menika kopi arabika lan robusta. Aslining kopi dados daya tarik utami, jalaran para tamu ingkang ngedhapi kopi saged ngraosaken unjukan kopi ingkang dados ciri mirungganing pareden menoreh langsung saking kadang tani. Ing saklebeting, nyawisaken unjukan kopi menika ugi sampun katindaken dening barista ingkang mumpuni, saengga kopi ingkang dipun segahaken raosipun daods pas. Para tamu ingkang ngenbdhangi omah kopi menoreh saged ngraosaken ngunjuk kopi saking ppan ingkang inggil sinambi amirsani seswangan alam pareden menoreh ingkang endah, dipun tambah nyamikanipun arupi tela goreng menapadene tempe mendoan badhe saya nambah reseping nalika ngraosaken unjukan kopi menoreh. Tamu ingkang ngendhani papan menika mboten namung warga masyarakat lokal kemawon ananging para pelancong saking manca negari. Panjenengan ingkang ugi sampun sumpek makarya saben dinten, ngendhangi omah kopi menoreh saged dipun dadosaken setunggaling pilihyan kangge ngenggar-enggar penggalih, kajawi saged ngedhapi kopi para pelancong ugi saged mesen manekawerni daharan padesan.