TVRI YOGYAKARTA NEWS – ADI NUGROHO
Mbok bilih pancen leres, kathah generasi mudha ingkang derneg mangertosi kados pundhi taneman nyamplung. Taneman ingkang sampun awis awis dipun prangguli menika kanyata gadah mupangat ingkang kathah salah setunggalipun kangge husada sarta bahan bio fule.
Kados mekaten menika ingkjang dipun sebat tabneman nyamplung. Taneman ingkang gadah nami latimn calophylum inophylum menika pancen kathah dipun prangguli ing laldan pesisir. Miturut gugon tuhon, nalika jaman rumiyin, kulit kajeng nyampung asring dipun dadoskaen husada sakit padaran. Kajengipun dening kadang pamisya kathah dipun mupangataken dados bahan kajeng jungkung menapadene prau alit, nanging jumbuh kaliyan ewaah gumingsirimng kaman, lan saya kathahipun bahan viber mlebet. Kathah jungkung menapdene prau alit, kajeng nyamplung ugi kathah dipun tilar, sinaosa mekaten, nyamplung kanyata ugi tasih gadah mupangat ingkang ageng sanget menggahing kadnag tani. Oyot nyamplung menaik kanyata ugi gadah sipat kados oyot pule ingkang saged nyimpen toya. Mila sinaosa gesnag ing lahan gesik, nanging mmenawis wonten taneman nyamplung saged dipun pestheaken ugi wonten vegetasi sanesipun ingkang twuuh subur. Mupangat sanesioun ingkang mboten kaown wigati inggih meniak, woh nyampumg wedal skamenika sampun kathah dipun mypangataken minangka biofuel, utawi bahan bakar ingkang ramah limglungan. Sinaosa tasih ing tataran alit nanging temntunipun nyamplung gadah prospek ingkang sae ing wedal mamngke, saya malih ngajengi menawi sampun saya langkanipoun sumber energi. Mboten namung meniak, menggahing kadang tani, taneman nyamplung meniak mujudaken taneman ingkag gadah jasa inggil jalaran dados tameng lahan polah tetannen skaing angin seganten ingkang mbeta sarem. Kados dene taneman cema, nyamplung ugi murakabi saget lan kiyat nyanggi angin ingkang saged ngrisak olah tetanen ing lahan pesisir.