TVRI YOGYAKARTA NEWS – HENDRY
Para pamira, sekar telang ingkang gadhah werni biru menika kanyata saged dipun mupangatekan minagka bahan dasar unjukan herbal ingkang ngandet mineral inggil.
Ing wekdal samenika saperangan warganing masyarakat ingkang kirang pangertosanipun, ing saklebeting nyukani werni daharan arta unjukan kanti ngginaken werni kimia ingkang saged mbebayani tumprap kasarasan. Kamangka alam sakjatosipun sampun nyawisaken bahan werni alami ingkang aman tumprap kasarasan. Salah setunggalipun jinis taneman ingkang saged dipun mupangataken kangge nyukani werni daharan inggih menika sekar telang. Saweneh warga Samas Bantul mratelaken kajawi saged kangge kelir utawi werni daharan kanyata sekar telang menika ugi saged dipun damel teh. Caranipun ugi gampil sekar ingkang sampun dipun pethik dipun pepe kalih dintenan. Sasampunipun garing nembe saged dipun wungkus. Caranipun ndamel unjukan teh sekar telang cekap dipun curi toya benter dipun tambah gendhis lan siyaga dipun unjuk. Saged kawuningan, sekar telang menika gadhah mupangat ageng tumprap kasarasan wiwit saking jagi kasarasaning jantung, nikelaken daya tahan badan utawi imun, ngawekani bronkitis, ngusadani cekoh lan asma, lan sak piturutipun. Nanem sekar telang menika ugi kalebt gampil. Taneman menika saged dipun babar mawi wohipun ingkang sampun tuwa lan garing. Who ingkang sampun tuwa wau saged dipun deder langkung rumiyin ing setunggaling polibag. Sasampunipun kalih minggunan saged dipun pindhah ing siti, ingkang sampun dipun sukani rabuk. Taneman menika padatanipun sampun wiwit nyekar nalika umur setunggal setengah engga kalih wulanan.