TVRI YOGYAKARTA NEWS – ADI NUGROHO
Tela lung ungu varietas genjah kathah dipun remeni dening kadang tani lahan gesik kangge dipun budidayaken jalaran saged tuwuh kanti sampurna sarta asilipun ugi maremaken.
Salah saweneh kadang tani ing srigading bantul ngandaraken bilih budidaya tela lung ungu jinis genjah menika kapetang gampil pangrimatanipun. Ama ingkang ing padatanipun ngrebasa taneman tela pendhem menika mboten sanes ama uret. Padatanipun kadang tani ngawekani ngrebasanipun ama uret menika kanthi ngginakaken furadan ingkang dipun ginaaken dumugi setunggal wulan ngajengi wekdal panen. Kathah cara ingkang saged dipun tindaaken dening kadang tani supados asiling budidaya tela menika nggadhahi pekenanipun sae. Kejawi dipun sade ing wujud tela, saged ugi dipun olah maneka werni jinis mangsakan kadosta dipun damel mokaf menapadene jajan pasar sanesipun. Supados taneman tela menika saged paring asil ingkang murakabi kedah dipun wigatosaken nalika nanem, wit tela menika kedah dipun leti kanti timbang supados mboten rebatan nutrisi klan unsur hara ing salebeting siti ingkang wusananipun ugu mangaribawani asil panen. Saben kilo ing pekenan tela lung menika dipun kerta aji kawan ewu dumugi wolung ewu rupiah, gumantung kaliyan jinis tela nipun.