Terong Ijem Gampil Katerak Sesakit

Terong Ijem Gampil Katerak Sesakit

TVRI YOGYAKARTA NEWS – JATMIKO HADI

Terong ijem mujudaken taneman holtikultura ingkang dumugining wekdal sakmenika katah dipun budidayakaken dining kadang tani. Ananging ing mangsa jawah kados wekdal sakmenika, kanyata terong ijem langkung ringkih kinging ama lan sesakit kabandingaken terong ungu.

Salah saweneh kadang tani terong saking laladan Pancas Karangwuni Wates Kulonprogo Lastri ngandaraken, bilih ing mangsa tanem menika piyambakipun sengaja budidaya taneman terong amargi pengaosipun ingkang kapetang ajeg. Ananging piyambakipun kedah langkung temen anggenipun nyetitekaken taneman terongipun ing saklebeting budidaya. Menapa malih wekdal menika mujudaken mangsa rendeng ingkang katah mandhap jawah. Miterat sulastri ing mangsa rendeng  terong ijem mekaten kapetang langlkung gampil katerak ama lan sesakit kabandingaken terong ungu. Salah setunggalipun inggih menika ama kekek, ingkang ndamel taneman terong menika layu kaporo sami garing. Menawi taneman terong sampun katerak ama kekek menika, asil panen dipun pesthekaken saget mandhap engga 50 persenipun. Menapa malih ama kasebat sisah dipun kendhaleni sae menika dipun semprot menapa kupiya sanesipun.

Ing wekdal sakmenika pengaosing woh terong ijem lan ungu ing tataran kadang tani ngancik 6 dumugi 7 ewu rupiyah saben kilonipiun.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *