Asil Panen Lombok ing Kulonprogo Mandhap

Asil Panen Lombok ing Kulonprogo Mandhap

TVRI YOGYAKARTA NEWS – JATMIKO HADI

Ing purwakaning tahun menika asil panen lombok ing Kabupaten Kulonprogo mandhap engga 5%. Kejawi kapangaribawa cuaca, ing purwakaning tahun menika sampun mboten katah taneman lombok ingkang mlebet mangsa panen.

Ing pucuking mangsa rendeng ingkang dumados ing wulan Desember engga Januari menika, asil panen lombok ing laladan Kabupaten Kulonprogo mandhap engga 5% kabandingaken mangsa panen sakderengipun. Asil panen lombok ing Kabupaten Kulonprogo paling katah dumados ing wulan Oktober ngancik 60 dumugi 70 ton saben dintenipun. Ananging sakmenika saben dintenipun asil panen lombok ing kulonprogo namung 5 kwintal kemawon. Pangarsachampion cabai Kabupaten Kulonprogo, sukarman ngandaraken, manhdapipun asil panen lombok ing wekdal sakmenika dumados ing laladan ingkang mapan ing pesisir Kabupaten Kulonprogo kadasta ing Kapanewon Panjatan, Galur lan Kapanewon Wates. Piyambakipun nelakaken bilih kawontenan kados wekdal sakmenika ajeg dumados saben tahun, utaminipun nalika ing mlebet ing ewah ewahan mangsa tanem. Ing mangsa kados wekdal menika kadang tani sengaja mboten nanem lombok amargi kangge ngirangi kapitunan, lan kangge ndamel siti langkung subur.

Kadang tani ing laladan kulonprogo piyambak bade miwioti nanem lombok malih ing wulan Februari engga maret samangke, kados ingkang sampun dados prenatanipun kabupaten kulonprogo. Saengga dipun ajab asil panen lombok ing mangsa panen saklajengipun wulan Mei engga Juni saget maremaken, lan nyekapi kabetahan peken.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *