Gembel Kulonprogo

Gembel Kulonprogo

TVRI YOGYAKARTA NEWS – WIDI-YUDHA

Para pamirsa, kajawi geblek, ing laladan Kulonprogo ugi gadhah jajanan mirunggan saking asiling inovasi geblek inggih menika gembel. Menawi geblek mboten wonten isinipun, sawetawis gembel dipun isi mawi sambel tempe, sarta daging ayam.

Menawi dipun pirsani sak tleraman daharan menika kadosdene nyamikan ingkang kawastanan pastel ingkang dipun damel saking gandum ingkang isinipun wortel, ayam engga daging anyam. Ananging sasampunipun dipun raosaken kanayata daharan menika gembel ingkang mujudaken daharan mirunggan saking kulonprogo, ingkang mujudaken inovasi sakibng daharan geblek. Salah setunggaling wande ingkang nyade daharan gembel kados ing mergi Sentolo magelang pasipun ing Banjararum, Kulonprogo. Gembel menka dipun damel saking pati tela kanthi bumbu mirunggan, lan dipun isi mawi tempe menapadene daging ayam, kanthi bumbu bawang, sarem sarta lombok, saengga gadhah raos gurih lan pedes, kajawi nyade geblek lan gembel ingkang sampun mateng lan dipun goreng, wande oleh-oleh menika nyade ingkang tasih mentah, setunggal wadah gebmbel isi gansal iji meniak dipunsade sangan ewu rupiyah, sawetawis menawi kedah nggorengaken dipun tambah setunggal ewu gansgal atus rupiyah. Gembel menika saged tahan engga kalih dinten menawi dipun simpen ing kulkas lan seminggunan menawi dipun simpen ing freser. Ing saklebeting nggorteng gembel menika dipun betahaken cara ingkang mirunggan supados raosipun eca lan mboten a lot. Anggenipun nggoireng namung gangsal menitan kemawon ing latu ingkang namung alit jalaran menawi ing latu ingkang ageng, matengipun mboten sampurna lan mboten dumugi lebet, sawetaiws menawi kedangion anggenipun nggoreng ugi dados a lot. Ing saklebeting ndamel gembel menika ugi katindaken langsung menawi wonten pelangganipun. Saben dintenipun piyambakipun nelasakn bahan baken engga seketan kilo pathi. Kajwi gembel, wande menika ugi nate daharan mirunggan Kulonprogo sanesipun inggih menika geblek, slondok, tempe besengek lan sakpiturutipun, ingkang mujudaken asil nprodukis pengrajin saking laladan Kulonprogo.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *