TVRI YOGYAKARTA NEWS – HENDRY
Kejawi pelet ingkang dados pakan utaminipun, ulam nila kanyata ugi saged dipun sukani pakan ijeman arupi ron tales minangka pakan tambahan. Kejawi ngirit pakan, anggenipun pados pakan ijeman wau kapetang gampil.
Kados mekaten menika budidaya ulam nila konsumsi ingkang dipun tindaaken dneing warno saweneh warga Pandak Bantul. Budidaya ulam menika katindaaken wonten ing blumbang permanen wonten ing pekawisanipun. Wonten ing blumbang menika taksih ketinggal ron tales ingkang dados pakantambahan, kaleresan ing griyanipun Warno ugi mbudidaya taneman tales. Taneman tale singkang produktif menika kejawi diun mupangataken perangan umbinipun ugi perangan ron-ipun minangka kangge pakan. Piyambakipun ngandaraken bilih pakan utaminipuntetep pelet ananging kemawon ron tales mujudaken pakan tambahanipun. Kejawi saged kangge ngirit beya pakan pelet, ron tales menika kalebet gampil dipun prangguli ing pundi papan. Kepara kathah tuwuh ing kebon menapa dene ing pesabinan. Kados ingkang kawuningan bilih dumugi wekdal sakmenika kabetahan ulam konsumsi tansaya kathah. Mboten maiben kathah warga ingkang lajeng nindaaken buddiaya nila kangge nambah wulu wetu. Kandhetan gizi ingkang sae dados setunggaling pawadan kathah warga tansaya remen dahar ulam nila. Ulam nila ingkang dipun buddiaya menika kalebet kalis skaing sesakit amargi tansah dipun rimat mliginipun kawontenan toyanipun. Menawi mboten kagungan pekawisan ingkang omber, budidaya ulam nila menika kepara saged ipun tindaaken wonten ing blumbang terpal ingkang sampun kathah dipun tindaaken dening warga masyarakat. Kejawi dipun sade, aisling panen ulam nila temtu saged dipun dahar piyambak kangge nyekapi kabetahan gizi keluwarga.