Kadang Tani Kewetan Ngendhaleni Pathek
TVRI YOGYAKARTA NEWS – JATMIKO HADI
Ing mangsa rendheng menika, kadang tani lombok ing laladan Kabupaten Kulonprogo kewetan anggenipun ngendaleni ama patek lan lalat buah, ingkang nerak taneman lombok ipun.
Salah saweneh kadang tani lombok ingkang nemahi kapitunan amargi ngrebasanipun ama pathek lan lalat buah inggih mneika karti, warga Dukuh, Sindutan, Temon Kulonprogo. Ing mangsa tanem sakmenika 50% lahan budidaya taneman lombokipun sami katerak ama patek lan lalat buah. Kajawi kekalih sesakit kala wau, taneman lombok ingkang dipun budidaya karti ugi katerak penyakit layu batang utawi fusarium ingkang ndamel oyot, batang engga ron taneman lombok sami garing. Sawetawis ama ingkang nerak ing wohipun inggih menika lalat buah ingkang ndamel lombok mboten pajeng dipun sade. Awit saking kawontenan menika, saget dipun pesthekaken bilih ing mangsa panen sakmenika piyambakipun nemahi kapitunan engga 50% langkung. Sajatosipun karti sampun nindakaken manekawerni kupiya kangge ngawekani lan nrenggalani manekawerni ama kaesbat wiwit saking nyemprot ginakaken pestisida lan fungisida, ananging dereng nasilaken.
Kawuningana bilih penyakit pathek , layu batang engga lalat buah mekaten sampun dados mengsahipun kadang tani lombok mligi ing mangsa rendeng. Kawontenan siti ingkang lembab, ndamel jamur gampil sanget tuwuh. Kangge ngirangi kapituanan awit manekawerni penyakit lan ama kala wau kadang tani dipun prayogekaken nindakaken pola tanem.