Lot Mekaraken Tales Pratama ing Sleman

Lot Mekaraken Tales Pratama ing Sleman

TVRI YOGYAKARTA NEWS – ADI NUGROHO

Sampun sakwetawis wedal menika, tales pratama dados komoditas pilihan ingkang dipun mekaramen ing laladan Sleman. Regi ingkang sae sarta meh sedaya perangan  taneman saged dipun sade dados pawadan piyambak tales pratama dipun budidaya.

Mekaten wujudipun taneman tales pratama sae menika varietas tales pratama setunggal, kalih lan tiga, benten kaliyan taneman lompong gingantea utawi lopong ageng ingkang adatipun diipuin ginaaken kangge pakan grameh, taneman tales  pratama  menika nggadahi pang ingkang werninipun radi semu abrit jambon, semanten ugi werni ron-ipun ugi radi alus kapanding kaliyan jinis taneman lompong ijem ageng. Saged kawuningan, taneman tales menika kathah dipun budidayaaken kangge ndamel manekawerni dedaharan. Ing pekenan lompong tales jinis pratama  menika sampun awis awis sanget dipun prangguli ing pekawisan lan namung kathah dipun tanem ing sabin, kamangka tales saged dados tanean pekawisan inhgkang ngasilaken jalaran panyuwunan pekenipun inggil. Perangan gagang sarta ron-ipun dipun ginaaken dados kelan lompong ingkang mboten gatel nalika dipun dahar.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *