Mekaraken Jampi Tradisional

Mekaraken Jampi Tradisional

TVRI YOGYAKARTA NEWS – WIDI-YUDHA

Para pamirsa, minagka salah setunggaling tradisi ingkang sampun atusan tahun, kalenggahaning jampi minagka kangge pangusadan herbal tasih lestantun dumugining wekdal samenika. Salah setunggalipun akdos ning rumah jamu menoreh.

Pangginaning jampi trasisionil kanthi mupangataken taneman ingkang gadhah khasiat ing wekdal samenika saya matikel–tikel jumbuh kaliyan engeting warga ing babagan wangsul dhumateng alam. Pangginaning taneman ingkang gadhah khasiat jampi ingkang kawastanan jampi tradisionil, mujudaken setunggaling jawaban kangge ngawekani ing sak madyaning masyarakat ing salebeting anyekapi  kabetahan kasarasan, jalaran jampi tradisionil kapetang langkung mirah, gampil lan anggadhai “ efek samping” ingkang alit. Jampi dipun damel saking bahan baken ingkang alami, saged saking rimpang utawi oyot, ron, kulit kepara saking wohipun. Mliginipun tumprap warga masyarakat ing Ngayogyakarta, sampun tepang kaliyan jampi minagka setunggaling tradisi kangge njagi kasarasaning badan. Ing laladan Ngayogyakarta dumugining wekdal samenika tasih kathah warganing masyarakat ingkang nggulawenthah ing babagan taneman jampi menapadene wande jampi. Salah setunggaling papan ingkang mekarekaen jampi tradisionil dalah ngrembaakken taneman jampiu inggih menika rumah jamu menoreh ingkang dedunung ing Gerbosari, Samigaluh Kulonprogo. Kajawi mbudidayaken taneman  jampi, ing papan menika menika ugi nyawisaken manekawerni jampi godogan, sarta jampi ingkang sampun dipun wadhai plastik utawi dipun kemas kanthi sae.

Rumah jamu menoreh, sampun mekar dados punjering namung herbal ingkang kaloka kawit tahun kalih ewu gansagl nwelas kapengker. Madheging rumah jamu menoreh menika dipun suhi dening Mulyono, ingkang linandesan kathahing warga amsyarakat ing papan menika ingkang sami nindaken usagha budidaya empon-empon ing pekawisan. Saking kathahing warga kala wau saklajengipun, mulyana gadhah gegayuhan ingkang agung ing saklebeting badhe nglestantunaken jampi tradisional ingkang wusananipun ugi saged saged nikelaken raharjaning warga amsyarakat. Kanthi wontenipun rumah jamu menoreh menika daya keiyatan utawi jamu loka saged ngrembaka kanti sae.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *