Ndamel Silase

Ndamel Silase

TVRI YOGYAKARTA NEWS – JATMIKO HADI

Kangge ningkataken kualitas pakan ijeman, kadang tani ternak saget ndamel silase. Kajawi gampil anggenipun ndamel, pakan silase ugi saget langkung dangu dipun simpen.

Nyekapi kabetahan pakan ijeman ingkang sampun dipun damel silase, katah dipun tindakaken dining kadang tani ternak. Salah setunggalipun inggih menika kados ingkang dipun tindakaken dining tohir saking Garongan Panjatan Galur Kulonprogo. Piyambakipun ndamel silase sampun tigang wulan pungkasan menika. Kanthi mupangataken limbah ron lan taneman piyambakipun kanthi ajeg nyukani dombanipun kanthi pakan silase menika. Pakan silase piyambak mujudakan pakan fermentasi ingkiang dipun damel saking pakan ijeman. Caranipun ndamel ugi namiung gampil. Tataran sepisanan pakan ijeman dipun cacah ginakaken mesin lan dipun lebetaken ing setungaling drem plastik. Supados kedap saking hawa, cacahan ijeman kala wau dipun pres lumantar cara tradisional kanthi dipun idak–idhak. Tataran saklajengipun inggih menika ing sela–selaning cacahan menika dipun campur mawi sarem, lan dipun tutup rapet sakdangunipun 7 dinten. Pakan silase menikia sampun dados lan siyaga dipun sukakaen domba nalika sampun ngedalaken ganda kadasta tape utawi ragi.

Kanthi mupangataken pakan silase menika kadang tani ternak langkung ngirit anggenipun nyekapi kabetahan pakan ijeman dombanipun. Lan ingkang baken kandetan protein ing saklebeting pakan silase menika lamngkung inggil kabandingaken pakan ijeman biasa, saengga domba saget tuwh kanthi maksimal.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *