TVRI YOGYAKARTA NEWS – HENDRY
Olah tetanen kanthi cara terpadu utawi integrated farming ing atawisipun iwen, ulam kaliyan taneman janganan lan woh-wohan menika kanyata asilipun murakabi, kabetahan rabuk sampun kacekapan skaing rabuk cair bucalan iwen menapadene ulam.
Donyaning olah tetanen ing wekdal sakmeika msapun tansyaa majeng. Kathah cara sagd katindaaken kangge nikelaken asil olah tetanen ngiras pantes kangge ngirit beya pangrimatanipun ngengeti bilih pengaosing rabuk menika tansaya inggil. Mila menika wonten setunggaling cara olah tetanen ingkang sampun kathah dipun tindaaken dening kadang tani, salah setunggalipun inggih menika integrated farming kados ingkang dipun tindaaken Warno saweneh warga Pandak Bantul. Ing pekawisanipun piyambakipun mbudidaya menakwerni taneman olah tetanen wiwit janganan kadosta lombok, terong, sawi lan skapiturutipun engga taneman woh-wohan kadosta blimbing, klengkeng lan saneispun. Menawi diuntingali olah tetanen terpadu utawi integrated farming menika mboten benten kaliyan cara budidaya limrahipun. Ananging menawi dipun tingali kanthi setiti wonten sawetawsi drum utawi wadah ingkang dipun papanaken wonten skaiwa tengening taneman budidaya minangka kangge sumbering rabuk cair. Inggih rabuk cair menika ingkang dados kunci kasilipun olah tetanen terpadu. Rabuk cair menika dipun damel skaing bucalan iwen ingkang dipun fermentasi lajeng dipun dadosaken rabuk. Wonten ingkang dipun papanaken wonten ing drum, wontn ugi ingkang dipun wadahi galon ingkang dipun papanaken kadosdene infus kangge taneman. Asiling budidaya integrated farming menik akanyata mikolehi aislipun sae sanaydn namung dipun budidaya wonten ing steunggaling pot. Kados ingkang kauwningan bilih budidaya tanemna woh ingh pot menika smapun dados babagan ingkang limrah menggahing warga ingkang mbok bilih mboten kagungan pekawisan ingkang omber. Cara menika sage dipun dadosaken pilihan.