TVRI YOGYAKARTA NEWS – SETYA BUDI
Ing mangsa rendeng tahun menika, sawetawis kadang tani ing laladan Kapanewon Purwosari Gunungkidul nanem brambet jinis bima. Kapilihipun varietas menika amargi produktifitasipun inggil lan tahan saking jawah.
Brambet dados salah setunggalipun komoditas olah tetanen ingkang padatan mboten dipun tanem ing mangsa jawah. Ananging sawetawis kadang tani ing Kapanewon Purwosari Gunungkidul, ing mangsa jawah menika sami nanaem brambet. Manekawerni varietas brambet dipun tanem kadang tani salah setunggalipun inggih menika varietas bima saking laladan Brebes Jawa Tengah. Kadang tani langkung milih verietas bima amargi langkung tahan saking jawah lan asil produksinipun ingkang kapetang inggil kabandingaken kaliyan varietas sanesipun. Salah saweneh kadang tani brambet Suyoto ngandaraken, bilih saking setunggal setengah kwintal wininh brambet, saget ngasilaken engga langkung saking 2 ton brambet. Setunggal kilo winih brambet pengaosipun 40 ewu rupiyah.
Dipun rantam sak sampunipun dipun panen, ing mangsa tanem ingkang kaping kalih samangke kadang tani bae nanem brambet malih, kanthi varietas tajuk saking laladan Nganjuk Jawa Timur ingkang langkung tahan saking kawontenan mangsa ketiga.