Kreatifitas Ringgit Bathok Klapa

Kreatifitas Ringgit Bathok Klapa

TVRI YOGYAKARTA NEWS – WIDI-YUDHA

Kreatifitas tanpa wates dipun tedahaken dening gunjiar, pengrajin saking guwosari pajangan bantul ingkang angripta setunggaling ringgit, kanthi mupangataken bathok klapa.

Manekwerni tokoh carios ingkang tuwuh lan ngrembaka ing sak tengahing masyarakat, kadosta ande-ande lumut wiwit saking pleting kuning, pleting abang  engga yuyu lkangkang, saking asiling cipta rasa lan karsanipun gunjiar, kanthi cakrik tigang dimensi saking bahan bathok klapa saking Guwasari, Kasihan Bantul. Benten kaliyan ringgit sanesipun ingkang dipun damel saking kulit, kajeng menapadene  dlancang, ringgit damelanipun gun jiyar menika dipun damel saking bathok klapa.  Asiling cipta rasa lan karsanipun ndamel ringgit saking bathok menika kawiwitan ing  surya kaping sekawan wulan sanga tahun kalih ewu sedasa, lan dumugining wekdal sakmenika sampun gangsal pangkon ringgit bathok ingkang sampun kasil karipta.  Kathah-kathahipun ringgit bathok menika dipun koleksi ing museum, pribadi kepara ugi wampun wonten ingkang kakintun dateng negari india. Gun jiar nyaroisaken mila bukanipun ndamel ringgit bathok menika, nguningani kthahing klapa ingkang bolong dipun pangan bajing lan namung dipun jaraken kemawon. Kanthi jiwa seninipun sak lajengipun, gunjiyar gadhah ada-ada mupangataken bathok klapa kala wau dados setunggaling ringgit. Ringgit bathok menika ugi jangkep kados dene ringgit wacucal, kanthi dipun sungging, tancepan, asta engga jejangkeping busananipun. Ingkang ndamel saya mirungganing ringgit bathok asil karyanipun gun jiyar inggih menika   sedaya busana ingkang dipun gambar ing ringgit ngginaken setunggaling corek bathik ingkang dados ciri mirungganipun laladan pajangan inggih menika ron  krebet. Setunggal pangkon ringgit ande–ande lumut menika cacahipun wonten sewidak iji tokoh, sawetawis reginipun menawi pilihan, setunggal yuta gangsal atus, sawetawis menawi dipun tumbas setunggal pangkon setunggal ijinipun setunggal yuta rupiyah. Kangge ndamel setunggal tokoh ringgit menika dipun betahaken wekdal gansgal dintenan. Gun jiyar nambahaken bilih menapa ingkang katindaken ndamel ringgit bathok menika kajawi mupangtaken  barang ingkang kaanggep uwuh, ugi kaangkah saged ndamel saya kathaing jinis ringgit ing nuswantra. Kerajinan ringgit bathok klapa menika dados bukti bilih tradisi ing donyaning ringgit  tasih lemampah lumantar kreatifitas tanpa nilaraken nilai tradisi.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *