TVRI YOGYAKARTA NEWS – HENDRY
Setunggaling pepalang taneman woh-wohan inggih menika kathahipun ama lan sesakit ingkang nerak nalika sampun mawoh. Mila setunggaling cara ingkang kathah dipun tindaaken inggih menika mbrongsong perangan woh-ipun.
Jambu kristal mujudaken salah satunggaling who-wohan ingkang dumugi wedal samenika tasih kathah dipun remeni jalaran raosipun ingkang manis sarta teksturipun kadosdene who pir. Ananging emanipun wonten setunggaling pepaang ingkang kedah dipun adhepi saklebeting mbudidaya taneman woh jambu menika salahs etunggalipun inggih menika kathahipun ama ingkang nerak perangan woh-ipun. Inggih ama menika ingkang saged ndamel bosok woh jambu lan woh saneispun. Kangge ngawekani bab menika setuggaling cara ingkang saged katindaaken inggih menika mbrongsong perangan wohipun. Kados ingkang dipun tindaaken deninhg saweneh kadang tani ing Babadan Bantul menika. Taneman woh jambu kristal ingakngs ampun maowh meinka idpun brongsong mawi plastik kangg engawekani ngrebasanipun ama lalat buah ingkang saged ndamel woh jambu dados bosok. Anggenipun mbrongsong ugi saged katindaaken nalika taneman sampun mawoh. Nindaken usaha budidaya jambu kristal menika gampil kadosdene menawi badhe nanem jambu kluthuk sanesipun. Taneman jambu kristal menika kajawi saged dipun tanem ing lahan konvensional ugi saged dipun tanem ing setunggaling pot. Taneman jambu kristal menika saged dipun damel kathah utawi dipun babar lumantar cara stek menapadene cangkok. Taneman jambu kristal menika ugi cepet mawohipun, kalih wulan saking cangkok padatanipun sampun mawoh. Supados cawangipun kathah, setunggaling cara ingkang saged dipun kupiyaken inggih menika pang ingkang wonten dipun tiyungaken lan dipun tangsuli supados mboten wangsul dados jejeg malih. Saking sak ngandhaping ron menika padatanipun badhe tuwuh pang enggal.