TVRI YOGYAKARTA NEWS – WIDI-YUDHA
Sawetawis menika, kapurwakan saking dipun cokot sawer ingkang ndamel mboten saged makarya, gunjiyar saking Guwasari Pajangan Bantul, kepara manggihaken mergining geang, kanthi ngolah limbah kajeng dados karya seni ingkang gadhah bobot ekonomi.
Nalika namung saged klekaran keamwon jlaran dipun cokot sawer, gunjiyar saking Guwasari Pajangan Bantul, ningali setunggaling potesni saking limbah oyot kajeng ingkang padatanipun namung dipun bucal. Saking kawontenan menika tuwuh gagasan lan krenteg inggil kangge ngolah limbah dados kerajinan. Kados mekaten carosipun gunjiyar nalika piyambakipun amiwiti ngolah limbah kajeng ingkang sampun lummampah puluhan tahun menika. Saking asiling daya cipta rasa lan karsanipun, sisa-sisa kajeng menapdene oyot kajeng, dados setunggaling karyan seni ingkang gadhah bobot ekonomi inggil. Saking daya cipta, rasa lan karsanipun, atusan kerajinan sampun dipun asilaken dening gunjiyar. Wiwitanipun gunjiyar ugi namung mendet sisa-sisa kajeng saking sakiwatengening pidalemipun kemawon, ananging gilir gumantosing wekdal saya kathah tiyang ingkang sami ndandosaken kapurih ndamelaken setunggaling cakrik. Manekawerni cakrik ingkang sampun kasil kababarlumantar ketelitian lan keratifitas antawisipun cakrik wit-witan, manekaerni kewan, kaligrafi lan sak pituruitipun. Ananging gunjiyar piyambak remen piyambak nalika ndamel kerajinan ingkang dipun damel cakrik semar, kajeng ingkang dipun mupangatken kajawi kajeng jatos, ugi wonten kajeng kenanga, galih asem, pelangi lan sakpiturutipun ingkang kalebet kajeng langka. Saben karya seninipun gadhah cakrik ingkang benten-benten jlaran manut karakteristik limbahipun. Miturut gunjiyar prosesipun pancen mbetahaken kesabaran, ananging asilipun ugi maremaken. Barang-barang kerajinan ingkang dipun asilaken menika kjawi dipun remeni dening warga masyarakat ing laladan DIY, kepara ugi sampun dipun remeni tiyang mancanegari. Gunjiyar gadhah kelkajengen kerajinanipun saya ngremabak lan anjurung tiyang sanes kreatif mupangataken limbah.