Pantun Segreng

Pantun Segreng

TVRI YOGYAKARTA NEWS – SETYA BUDI

Mangsa rendeng dados berkah piyambak tumrap kadang tani tadah hujan ing laladan Kapanewon Saptosari Gunungkidul. Taneman pantun varietas segreng ingkang dipun tanem saget tuwuh kanthi subur.

Ing mangsa tanem sepisanan menika, kadang tani tadah hujan ing Kalurahan Ngloro Kapanewon Saptosari Gunungkidul sami nanem pantun varietas segreng. Asilipun kanyata ugi maremaken. Salah saweneh kadang tani partinem ngandaraken, bilih taneman pantun sgreng ingkang dipun tanem ketingal subur lan maremaken. Jawah ingkang asring dumados ing laladan menika ndamel taneman pantunipun saget tuwuh kanthi sae, kbandingaken kaliyan mangsa tanem sakderengipun. Kajawi menika piyambakipun ugi ngrabuk taneman pantunipun kaping kalih. Partiyem ndugi asil panen pantun jinis segreng ingkag dipun tumpangsari kaliyan taneman jagung menika asilipun langkung sae lan langkung katah kabandingaken kaliyan asil panen ing tahun sakderengipun.

Kajawi ing Saptosari pantun varietas segreng piyambak katah dipun tanem dining kadang tani tadah hujan ing kapanewon sanesipun kadasta Kapanewon Tanjung Sari lan panggang. Kejawi gampil pangrimatanipun mangsa panen pantun jininsmenika ugi kapetang cekak, inggih mneika kirang saking 3 wulan saking tanem.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *