Pengrajin Saking Debog Pisang Kewetan Mepe

Pengrajin Saking Debog Pisang Kewetan Mepe

TVRI YOGYAKARTA NEWS – WIDI-YUDHA

Ing mangsa rendheng menika kadang pengrajin gedebog pisang nemahi pepalang anggenipun mepe. Menawi mboten garing asiling kerajinan saking gedebog pisang menika dados jamuren, saenga ngirangi bobot kualitasipun.

Kados mekaten asiling kerajinan gedebog pisang ingkang dipun asilaken dening  para perngrajin saking Dusun Mbulu Giripurwo, Girimulyo Kulonprogo. Sumber daya alam arupi gedebog pisang ingkang padatanipun namung dipun bucal menapadene kangge pakan raja kaya saklajengipun dipun kemonah lan tansah nindaken inovasi lumantar cipta rasa lan karsanipun, kanyata saged dipun olah dados manekawerni barang kerajinan ingkang nggadahi bobot ekonomi inggil kepara saged dipun sade dateng mancanegari. Salah steunggalipun kados igkang kationdaken dening rini saking laladan Dusun Mbulu Giripurwo, Girimulyo Kulonprogo menika. Usaha kerajinan menika msapun dipun tindaaken rikala tahun kalih ewu sedasa. Anggenipun nglampahi pakaryan menika piyambakipun dipun biyantu dening tanggi tepalihipun lan ugi dipun sub-aken dateng watawis setunggal atus perajin ingkang wonten ing laladan Kulonprogo. Bahan baken arupi debog pisang menika dipun datengaken saking laladan Jawa Timur. Debog pisang ingkang sampun dados tangsul menika lajeng dipun bentuk dados kerajinan ingkang kajumbuhaken kaliyan pesenannipun. Kados ingkang dipun damel menika wadah saking debog pisang ingkang nggadahi ukuran ingkang benten-benten. Supados raket menawi sampun dados lajeng dipun sukani lem kayu kanthi cara dipun celupaken lajeng dipun peme. Dangunipun mepe inggih gumantung kaliyan cuaca. Ing mangsa rendheng kados sakmenika, dados pepalangipun pengrajin, anggeniun badhe meme asiling kerajinan. Piyambakipun ugi kedah oyak-oyakan kaliyan jawah. Debog pisang kanyata saged dipun damel dados setunggaling barang kerajinan ingkang gadhah bobot ekonomi, ingkang wusananipun saged nikelaken karaharjaning warga.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *