Regi Menda ing Kulonprogo Mandhap

Regi Menda ing Kulonprogo Mandhap

TVRI YOGYAKARTA NEWS – JATMIKO HADI

Wontenipun sesakit PMK, ndamel regi menda ing laladan Kabupaten Kulonprogo mandhap. Kajawi menika para bakul ugi kewetan anggenipun nyade mendanipun.

Wontenipun Penyakit Mulut dan Kuku, ndamel para peternak rugi mboten mawon kadang tani ternak lembu ananging ugi menda. Ngrebasanipun penyakit mulut dan kuku ugi mangaribawani kridaning dol tinumbas ing Peken Kewan Pengasih Kulonprogo mandhap. Sampun setunggal wulan langkung peken kewan ingkang padatan rame, sakmenika sepen. Salah saweneh bakul menda suradi ngandaraken, bilih wontenipun pmk ndamel regi menda manhdap engga atusan ewu rupiyah. Piyambakipun nelakaken bilih menawi ing kawontenan nurmal setungga menda menika saget pajeng 3 yuta rupiyah, sakemnika namung pajeng 2 yuta gangsalatus dugi kalih yuta enem atus ewu rupiyah kemawon. Kejawi regi nipun mandhap para bakul ugi kewetan anggenipun bade nyade mendanipun. Suradi lan para bakul kewan ing peken pengasih menika ngajab dumateng pameringtah supados nrenggalani penyakit mulut dan kuku kasebat saengga pengasoing menda lan rajakaya sanesipun saget nurmal malih. Piyambakipun ugi nyuwun dumateng pamerintah paring sesuluh dumateng parta peternak gayut kaliyan kados pundi cara ngendaleni lan nrenggalani PMK kasebat.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *