TVRI YOGYAKARTA NEWS – JATMIKO HADI
Taneman karendang utawi samarinda mujudaken salah setunggaling taneman pasren ingkang tasih awis–awis dipun budidayakaken masyarakat. Kamangka taneman ingkang woh ipun werni abrit menika gadahi sawerawsi mupangat tumrap pangusadan.
Gadahi nama latin carissa carandas, taneman pasren samarinda menika mujudaken taneman perduingkang katah tuwuh ing laladan Asia engga Afrika, lan saget tuwuh ing laladan sewu 800 ing sak nginggiling seganten. Minangka taneman pasren ingkang gampil tuwuh, pramila taneman menika trep sanget dipun dadosaken taneman kangge ngrengga pekawisan. Salah setunggaling ciri mirungganipun taneman samarinda inggih menika ngasilaken woh berry werni abrit lan ungu menawi sampun mateng, lan ing pang ipun wonten ri nipun. Taneman menika ugi gampil dipun budidayakaken, saget lumantar stek lan saking wijinipun. Taneman menika ugi gampil tuwuhipun kepara ing mangsa ketiga ugi tasih saget gesang lang ngasilaken woh. Sinaosa mujudaken taneman pasren ananging taneman samarinda menika kanyata ugi gadahi sawetawis mupangat tumrapiopun kasarasan badan. Miterat paneliten woh saking taneman samarinda menika saget ngusadani sesakit padaran, tatu lan infeksi, sariawan, asma, sembelit engga anemia. Sawetawis ronipun saget ngusadani sesakit benter, diare, engga sesakit kuping. Lan perangan oyotipun saget dipun mupangataken kangge ngusadani gatel, obat cacing engga sakit padaran.