Tegalan Kangge Nanem Pakan Ternak

Tegalan Kangge Nanem Pakan Ternak

TVRI YOGYAKARTA NEWS – SETYA BUDI

Ing mangsa rendeng kados wekdal sakmenika, sawetawis kadang tani ing laladan Kabupaten Gunungkidul mupangataken tegalanipun kangge nanem pakan ijeman kangge pakan rajakaya.

Kajawi dipun tanemi komoditas pangan, katah tegalan ing laladan Kabupaten Gunungkidul igu sami dipun tanemi pakan ijeman kangge kabetahan raja kaya. Salah setunggalipun inggioh menika ing laladan Kapanewon Saptosari. Ing mangsa rendeng kados wekdal sakmenika katah saking kadang tani ingkang sami nanem ijeman ing tegalan. Manekawerni pakan ijeman kadasta kalanjana, engga odot dipun tanem, kadang tani ing tegalan. Kajawi ing sak tengahing tegalan, pakan ijeman menika ugi dipun tanem ing galoengan. Salah saweneh kadang tani ing kalurahan ngloro saptosari gunungkidul nardi ngandaraken, bilih pakan ijeman jinis kolonjono gadahanipun menika dipun tanem ing purwkaning mangsa rendeng kala wingi. Lan ing umur kirang saking tigang wulan pakan ijeman menika sampun saget dipun panen. Anggenipun manen mboten dipun telasaken sedanten lan dipun susaaken bonggolipun, saengga sak sampunipu dipun rabuk kalanjana menika seget tuwuh malih. Kanthi cara kados mekatenh menika kadang tani ternak ing gunungkidul saget ngirit beya kangge tumbas pakan ijeman. Awit dipun tanem jejer kaliyan komoditas pangan, pramila ing saklebeting setunggal mangsa tanem kadang tani ugi saget pikatuk asil panen saking omoditas pangan wiwit saking pantun engga palawija.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *