Budidaya Blimbing Bangkok

Budidaya Blimbing Bangkok

TVRI YOGYAKARTA NEWS – HENDRY

Blimbing bangkok mujudaken setunggaling jinis blimbing ingkang raosipun manis sanget kapandingaken kaliyan jinis padatanipun. Kepara saweneh kadang pambudidaya blimbing menika kuwalahan nyekapi panyuwunan.

Blimbing mujudaken salah setunggaling woh ingkang gadhah ciri mirunggan, inggih menika wohipun gadhah lekukan kadosdene lintang. Wonten manekawerni jinis woh blimbing, salah steunggalipun inggih menika belimbing bangkok ingkang dipun budidaya dening sintowini setunggaling kadang tani ing laladan Beteng Margoagung Seyegan Sleman. Ing kebonipun ingkang dipun wastani jogja star garden menika, sintowini kaliyan semahipun pancen sampun netepaken namung nindaaken budidaya belimbing bangkok kemawon. Sekawit piyambakipun sampun nyobi manekawerni komoditas olah tetanen sanesipun, ananging ingkang kasil inggih belimbing bangkok menika. Piyambakipun indaaken budidaya blimbing bangkok kanthi cara organik ngginaaken bucalan skaing mendha. Setunggal wit belimbing mekaten saged mawoh ngantos sedasa kilo cacahipun.

Setunggal kilo belimbing saged dumados namung 3 woh kemawon. Sanadyan werninipun taksih wonten semburat ijemipun ananging raosipun manis sanget. Menapa malih ingkang werninipun sampun oranye mekaten tansaya manis. Steunggal kilo belimbing dipun kerta aji 27 ewu rupiah. Langgananipun menika ugi sampun sumebar wonten ing sadengah papan ing ngayogyakarta. Kathah-kathahipun pesenan menika dateng saking kantor-kantor pamerintah ingkang sampun dados langgananipun. Piyambakipun blaka bilih warga ingkang dateng ing kebun blimbing gadahanipun menika mboten wonten ingkang rumaos kuciwa, sedayanipun remen dateng blimbing bangkok ingkang dipun buddidaya amargi bobot kualitasipun ingkang sae. Kepara piyambakipun rumaos kuwalahan nyekapi panyuwunan langgananipun. Kangge ngawekani tuwuhing ama, nalika woh blimbing smapun ngancik umur kalih minggu sampun dipun brongsong. Woh blimbing menika ugi mujudaken sumbering vitamin C ingkang sae.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *