Kalodangan Ternak Ayam Lehorn

Kalodangan Ternak Ayam Lehorn

TVRI YOGYAKARTA NEWS – ADI NUGROHO

Saking sakathahing jinis ayam ingkang limrah dipun budidayaaken, ngingah ayam lehor utawi ayam petelur mekaten kalebet murakabi sanget asilipun. Kejawi tiganipun, ayam lehor pekiran ugi tasih pajeng inggil.

Panyuwunan tigan ayam ing masyarakat gilir gumantosing wekdal saya inggil lan ketingalipun ugi mboten badhe wonten mandhegipun.  Kalodhangan menika dipun mupangataken dening sawetawis warga    ingkang dumunung ing pesisir Bantul kangge nindakaken usaha budidaya ayam petelur. Jinis ayam ingkang dipun ingah inggih menika  jinis ayam lehorn abrit. Kapilihipun jinis ayam menika jalaran  produksiinipun inggil ngancik kalih atusan tigan ing saben taunipun.  Usaha budidaya ayam lehor ingkang dipun trepaken dening Sri inggih menika mawi kandang kopel, setunggal kandang kopel dipun isi  dasanan ayam lan saben petak kandang alit dipun isi setunggal ayam  . Sri njlentrehaken ing mangsa ketiga menika ingkang kedah dipun waspadani mboten sanes stress ayam jalaran bentering hawa nalika siyang hari lan asrep ing wanci dalu, ama laler sarta stres ingkang dipun jalari dening kewan predator. Kathah ayam ingkang lajeng sakit lan mboten purun nedha, mila vaksin anti stress sarta vitamin ingkang dipun  campur ing toya omben ugi sampun ngantos kesupen, menawi kasep sekedhik kemawon saged nuwuhaken perkawis ageng, ingkang wusananipun saged nyuda gunggung produksi tigan, kangge nyekapi kabetahan pakanipun, Sri tumbas pakan arupi konsentrat ingkang sampun  dados lan dipun campur piyambak supados langkung ngirit.  Campuran pakan menika dipun sukaaken dhateng ayam kaping kalih,  wanci enjing lan sonten. Sak lebeting nindakaken budidaya ayam lehor menika pancen dipun akeni, asilipun murakabi, saya malih wedal sakmenika regi pakan ugi sampun saya sae, lan gampil dipun prangguli.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *